Pilem Karya Sutradara Lare Banyuwangi Arep Diputer ring Biskop Nasional

Antariksawan Jusuf (dipublikasikan pada Jumat, 12 September 2025 07:14 WIB)
- Laporan



Pileme Lare Banyuwangi Arep Tayang sak Indonesia

Marek pilem hang ceritane bab Banyuwangi (Lintrik), masarakat Banyuwangi bisa nonton pilem karyane lare Banyuwangi asal Purwoharjo lan alumni SMAN 1 Purwoharjo, Kang Yuda Kurniawan.
   Pilem Menuju Pelaminan (The Road to Marriage) iki arep diangkati diputer ring biskop nasional sakat tanggal 16 Oktober 25, kelebu ring jaringan biskop NSC ring kutha Banyuwangi lan ring Genteng.
    Cerita derama komedhi iki kawitane merga wong Jawa Fajar Prawiro (Bhisma Mulia) arep ngerabi lare Minang Rahma Mineli (Maizura) naming merga budaya hang beda keweka-wela njumbulaken masalah kanggo keluwarga karo-karone.
   Kayata kekarepane anange Fajar hang maksa milu rombongan sakperlu nekani akad nikahe putune, ambekana nunggang montor tuwek teka Yogya sampek Padang Pariaman hang adohe 1.859 km. Kelendi aju?
   Laku hang maune mung rong dina malah melar dadi petang dina hang akeh deramane naming uga ndadekaken wayah hang ngeraketaken hubungan keluwarga.
   Pilem derama komedi iki diproduseri Dirana Sofiah lan Yuda Kurniawan, ditulis ring Husein M. Atmojo lan diproduksi ring Produksi Film Negara, Rekam Films, Little Green White lan Rapidz.
   Seliyane Bhisma Mulia lan Maizura, bintang-bintange ana Whani Darmawan, Brilliana Arfira, Muhammad Nur Qomarudin, Joanna Dyah lan Susilo Nugroho.
   Dene Yuda Kurniawan produser lan sutradarane iki hang ngedegaken Rekam Films. Iyane wis nggelibet ring industri pilem lan tipi sakat 2007.
  Pilem-pileme akeh hang wis diputer ring pestipal pilem sak donya lan ulih penghargaan kayata Piala Citra FFI 2018, Piala Maya 2019, Piala Maya 2023, Gary L. Hayes Balinale 2023 lan NETPAC Award (Network for the promotion of Asia Pasific Cinema) yaiku penghargaan hang dielungaken nyang Sutradara Asia hang ngewani kontribusi penting kanggone  gerakan sinema Asia baru.
   Pilem-pileme antarane: Masih Ada Asa (2015), Balada Bala Sinema (2017), Nyanyian Akar Rumput (2018), Roda-Roda Nada (2022) lan Harmoni (2024).
   Muga lare Banyuwangi saya moncer ring donya pilem, paran maning hang bisa ngangkat aran Banyuwangi ring pilem-pileme.

Redaktur menerima berbagai tulisan, kirimkan tulisan anda dengan mendaftar sebagai kontributor di sini. Mari ikut membangun basa Using dan Belambangan.


Editor: Antariksawan Jusuf