Prestasi Bu Ipuk Ngalahaken Pak Anas

Antariksawan Jusuf (dipublikasikan pada Selasa, 02 April 2024 08:43 WIB)
- Laporan



Tepak Pak Menteri PANRB Anas nunggang pesawat jet pribadi bareng ambi Wakil Menteri BUMN Rosan Roeslani lan pirangane investor nang Kalibaru, ndeleng panggonan rencana food estate hang werane 804 hektar, mulihe kedalon, aju kepaksa nginep. Sak dawane dalan dhirik umah-umah gedhong apik-apik. Jare Pak Rosan, dhaerah gedigi iki mesthi PDRBne (Produk Domestik Regional Bruto) dhuwur. Pak Anas aju tilpun rabine, Bupati Ipuk, setemene pira PDRBne Banyuwangi. Dijawab: 101 trilyun. Wis munggah seru, bandhingaken ambi Malang hang mung 84 trilyun.
   Pak Anas cerita tepak ana rapat HBH Ikawangi Pusat lan Buka Bareng ring umah dinas menteri ring Widya Chandra bareng sesepuh, pembina lan panitiya HBH Ikawangi dina Minggu sore.
   Dadi sak suwine Bu Ipuk madeg dadi bupati sakat 2021, wis akeh prestasine hang ngalahaken prestasi lakine.
   Jare Pak Anas, wong-wong Banyuwangi bisa mongkog ndeleng kutha kelairane, sebab nduwe prestasi.
   Kanggone wong Banyuwangi hang nang njaba, "Kene iki hing bisa keren, kadhung Banyuwangi sing keren," jare Pak Anas.
   Marek ditinggal Pak Anas hang sedurunge wis njabat pindho, cumpu Banyuwangi saya moncer.
   Tingkat kemiskinan wis mudhun teka 8.54 persen jamane Pak Anas dadi nyang 7,34 persen, paling endhep sak suwine ana Banyuwangi.
   "Hing bisa nang njaba ngunggulaken Banyuwangi kadhung tingkat kemiskinan magih dhuwur, paran maning 20.4 persen." Angka hang pungkasan iku tingkat kemiskinan tepak Pak Anas buru kepilih..
   Inflasi ring Banyuwangi, dadi conto kanggo kabupaten liyane sebab wis petang taun pungkasan iki dadi hang paling apik sak Jawa lan Bali.
    Income per capita jamane Pak Anas mung 50.5 juta per taun, dene saiki wis munggah 58 juta per uwong per taun.
    APBD ya munggah dadi 3,7 trilyun teka jaman Pak Anas hang mung 3,2 trilyun.
   Prestasi hang wis digayuh Banyuwangi, nambahi dhemene wong pusat. Taun 2023 sore diganjar teka kementrian PU diwani 125 milyar kanggo mbecikaken Inggrisan.
   Tepak menteri Kelautan nyang Banyuwangi ulan Maret sore girang ndeleng Kampung Mandar hang rijig. Aju diganjar dana 22 milyar kanggo mbangun Kampung nelayan modheren.
   "Hang manggon ring kono iku dudu nelayan gedhi. Anane nelayan harian," jare Bu Ipuk nang belambangan.com.
   Nong wilayah hang werane sak hektar ring pantai Ancol elore Plengsengan, ring ulan Mei engkisuk iki arep dibangun kampung nelayan hang nduwe macem-macem pasilitas kayata sentra kuliner indoor lan outdoor area, riverside area, rooftop area, bale nelayan lan panggonan ngedhunaken iwak. Uga ana bingkil kapal nelayan, stasiun pengisian bahan bakar nelayan (SPBN), panggonan nyimpen iwak (cold storage), pabrik es, lan liyane.
   Taun iki ya arep dianakaken maning Tour de Ijen, dawane 500km. Dadi dalan 500km iku kudu wis apik.
   Kadhung dalan-dalan akeh hang magih elek, kudu dimaklumi. Merga Bupati sore kudu milih, mbecikaken dalan tah ngangkat 3500 guru honorer. Ahire hang dipilih ngetokaken 250 milyar kanggo ngangkat guru, timbang mbangun dalan.
   Banyuwangi uga diwani pirangane perahu kanggo kelompok nelayan iwak gedhine 75 gross ton hang dirampas teka nelayan asing hang ngeliwati tepis wiring wilayah Indonesia. 

Redaktur menerima berbagai tulisan, kirimkan tulisan anda dengan mendaftar sebagai kontributor di sini. Mari ikut membangun basa Using dan Belambangan.


Editor: Hani Z. Noor