Produk UMKM Ikawangi Jakarta Pusat Arep Dipasaraken ring Kepri
Antariksawan Jusuf (dipublikasikan pada Kamis, 17 Juli 2025 05:15 WIB)
- Laporan
Ketua Ikawangi Kepulauan Riau (Kepri) siyap masareken asile UMKM warga Ikawangi Korwil Jakarta Pusat.
Sorene maning tepak sanja nyang Ikawangi Korwil Jakarta Pusat (dudu Ikawangi Pusat naming Korwil Jakarta Pusat), Ketua Ikawangi Kepulauan Riau (Kepri) Tanjung Pinang Kang Nury Argo Wiranto, kesengsem ambi tas prodhuksine UMKM anggotane Jakarta Pusat.
Kang Nury, diuweni tase diserahaken Ketua Ikawangi Korwil Jakarta Pusat Kang Agus Hendro, supaya bisa dipromosekaken ring Kepri.
Kang Nury uga siyap masareken lan kolaborasi ndhukung UMKM Ikawangi Korwil Jakarta Pusat iki.
Aja keliru pisan, Kepulauan Riau lan Riau iku beda adoh lan beda propinsi. Kang Nury iki ketuane kabeh sak antero Kepulauan Riau.
Kang Nury wis nang Jakarta sakat dina Sabtu sakperlu belanja keperluan usahane prodhuksi teralis lan terpal tendha ring Kepri, Pulau Bintan, Tanjung Pinang.
Kang Nury ditemoni ambi Jamil Segara, Kang Agus Boy pengurus Ikawangi Pusat, uga Kang Agus Hendro Ketua Ikawangi Korwil Jakarta Pusat lan mbok Siti Rohani pengurus Ikawangi korwil Jakarta Pusat ring basecamp Ikawangi Jakarta Pusat yaiku Pujasera 011 Karet Tengsin, mburine hotel Sahid Jl.Sudirman.
Seliyane iku ana dulure Mbok Siti Rohani lan lakine Kang Surat, Mbok Siti Rohimah, Kang Hadi, Kang Selamet, Kang Suyoto. Kabeh aran hang kesebut iku mau magih dulur kabeh sak keluwarga, aseline wong asal Lateng mburine kuburan Keramat Banyuwangi.
Mbok Siti Rohani lan lakine Kang Surat, Selamet, duwe usaha Sega Tempong ring Pujasera kono, emboke hang aran Siti Rohimah dodol Rujak Soto, Pecelan, Kang Hadi Kakange dodol sega rames campur.
Uga teka Mbok Fitri hang duwe kerajinan UMKM tas teka bahan pelastik tali jali. Fitri aseline wong Sempu Gombolirang, Kabat, saiki manggon ring Koja, Tanjung Priok, Jakarta Utara taping iyane milu grup Jakarta Pusat merga tau manggon ring Tanah Abang Jakarta Pusat.
UMKM iki digawe sakat 2023, jare Fitri merga iyane saiki wis dadi bagian keluwarga Korwil Jakarta Pusat, dadi prodhuk iki dianggep prodhuksine korwil Jakarta Pusat.
"Produk iki wis duwe merek dhewek, wis legal didaptarakeken HAKI, arane Sufilla Craft, lan wis kerep pisan milu pameran ring Balai Kota Jakarta Utara lan didhukung Ibu Walikotane Jakut," jare Fitri.
Prodhuke tase wis melebu prodhuk unggulan Dekranasda Jakarta Utara lan prodhuk unggulan emak-emak PKK Koja, jare Fitri.
Tas gawenan tangane Fitri dhewek lan lakine (Suprih Khanto asal Temanggung Jawa Tengah).
Mbok Fitri uga wis milih Kang Jamil Segara arep didadekaken Brand Ambassador prodhuke iki mengarepe.
Redaktur menerima berbagai tulisan, kirimkan tulisan anda dengan mendaftar sebagai kontributor di sini. Mari ikut membangun basa Using dan Belambangan.
Sumber : Laporan koresponden Jamil Segara
Editor: Hani Z. Noor





