Produk Unggulan Anyar Banyuwangi: Madu Bidara, Diampiri Gibran
Antariksawan Jusuf (dipublikasikan pada Jumat, 12 Juli 2024 06:37 WIB)
- Laporan

Banyuwangi nduwe produk unggulan siji maning: madu bidara hang dadi salah siji barang hang akeh digoleti ring Pameran Apkasi (Asosiasi Pemerintah Kabupaten se Indonesia) Otonomi Expo 10-12 Juli.
Jare Kadis Perijinan Pak Partana, madu bidara lan kopi Banyuwangi dadi primadona ring antarane lebih 50 produk hang digelar stand Kabupaten Banyuwangi ring Hall B 285 lan 288 Balai Sidang Jakarta (JCC).
"Ana hang aran madu bidara aseli produk Banyuwangi. Dina kawitan langsung gemet barange," jare Pak Partana.
Setemene stand Banyuwangi, hang uga diampiri Wakil Presiden Terpilih Gibran, hing ngandhelaken dodolan naming ring pameran iki ngupayaaken lebih mbukak jaringan bisnis hususe kanggo pengusaha mikro, kecil lan menengah.
"Hang lebih penting maning, stand Banyuwangi akeh diampiri pengusaha kelas nasional lan internasional. Kayata Eksportir Madu Jakarta hang langsung siyap arep dadi eksportir produk Banyuwangi iku, naming butuhe akeh, pesen wolung kintal saben ulane. Taping produsene durung bisa produksi semono akehe," jare Pak Partana. Produsen madu Banyuwangi buru bisa nyemayani 500 kg saben ulane.
Ana pirangane pengusaha hang kepingin sanja nang Banyuwangi mari ngerungokaken keterangan petugas teka Pemkab.
Seliyane eksportir madu mau, ana pisan hang teka Abu Dhabi lan Turki hang mbutuhaken 10 ton kopi saben ulane.
Ana pisan investor hang ubret ring donya pembangkit listrik ndeleng potensine kepingin langsung mara nang Banyuwangi.
Ring gelaran iki Banyuwangi diwakili 10 wong teka pirangane dinas kayata Dinas Koperasi lan UMKM, Dinas PU CKPP, Dinas Pertanian, Dinas Perikanan, Dinas Kominfo, Bappeda Bagian perekonomian. Uga wakil UMKM lan ngeret barista Novian sak rombong kopine pisan.
Seliyane kanggo pasar negara manca, stand Banyuwangi ya ditekani wakil pemerintah teka Sumatera kanggo ngejak kerjasama. Produk teka Banyuwangi bisa dipasaraken ring Palembang lan sakbalike.
Stand Banyuwangi mula rada beda ambi stand teka Kabupaten liyane. Katon apik, sampek diampiri Gibran hang ngelem tampilan stand Banyuwangi. Malah iyane tuku Madu Bidara rong botol lan kopi.
Gibran, hang tau sanja Banyuwangi lan niliki kopi racikane barista Banyuwangi, njaluk digawekaken kopi kaya hang tau iyane tiliki ring pantai Marina Boom Banyuwangi.
Redaktur menerima berbagai tulisan, kirimkan tulisan anda dengan mendaftar sebagai kontributor di sini. Mari ikut membangun basa Using dan Belambangan.