Prosesi Iwuh Masarakat Using (Bagiyan 3 pungkas)

Antariksawan Jusuf (dipublikasikan pada Rabu, 30 April 2025 07:27 WIB)
- Laporan



Prosesi Iwuh Masarakat Using (Bagiyan 3 pungkas)

3.     Kadhang anane wong duwe gawe ring jaman bengen gadug seperene, iku bisa dadi sarana kanggo nggolet jodho. Kerana dhung wis ana wong duwe gawe, dulur-dulure padha kumpul uga nginep nong umahe hang duwe gawe. Kadine tangga-tanggane hang duwe gawe uga hang disubeni embuh hang duwe anak lancing, perawan, pudhot, randa padha marek. Mareke ya kerana nulungi hang duwe gawe ambi mesisan nggolet gandholane ati. (“Nawitah ana” karepe ati).
4.     Ana maning hang paling penting anane wong duwe gawe (arep iwuh) yaiku kudu nyiyapaken PERAS (sesaji utawa uba rampe). Peras iku dipercaya kanggo njaga kesehatan utawa keselametane sapa bain hang didadekaken penanggung jawab utawa wis dipercaya ambi tuan rumah. Hing mung kanggo menungsane ya ambi kanggo perlengkapan duwe gawe utawa tepak iwuh. Hang kudu diweni peras yaiku:
a.      Tukang pager wesi utawa tukang sarang.
b.     Tukang ngebasi (pengatur acara).
c.      Tukang njaga gutheng (panggonan nyimpen sembarang bahan panganan).
d.     Koordinator tukang olah iwak.
e.      Koordinator tukang adang sega.
f.       Koordinator tukang olah jajan.
g.     Kanggo terob (biyasahe digantung nong ndhuwur terob).
h.     Kanggo sound sistem (biyasahe diandoh nong operator utawa parek nyang salon). Peras kanggo sound iku melebu tambahan, kerana milu nong perkembangan jaman hang wis modheren. Saben ana wong iwuh mesthi ana sound sisteme kanggo ngeramekaken acara.
i.       Kanggo kuwadhe (panggonan lare sunat utawa penganten).
j.       Dhung tepak ana arak arakan lare sunat. Saben paran bain hang diundang ya kudu diweni peras. Yaiku grup seni barong hang umpama ngundang rong grup, ya perase kudu diweni siji edhang.
k.     Kanggo grup terbang kuntulan.
l.      Kanggo per jaran kencak (jaran kanggo tunggangane hang sunat).
m.    Dhung ana hiburan, umpama ngundang janger utawa jaranan. Wajibe diweni peras pisan kanggo keselametane rombongan grup kesenian mauka makene lancar dhung tampil.
Saiki jaman wis modheren, akeh hang hing butuh peras. Kadhang ana istilah “PERASE DITUKU”  maksude tuan rumah hing nguweni peras. Taping tuan rumah cukup nguweni amplop hang sekirane jumlah picise sebandhing ambi regane isine peras. Saben penanggung jawab uga perlengkapan mung diweni siji perase. Kejaba kanggo hang njaga gutheng (kerana hang njaga gutheng diweni siji ambi kanggo ruangan guthenge diweni siji. Paran maning hang kanggo ruangan gutheng kudu diweni damar telempik). Sakliyane hang nong ghuteng, kanggo ngebasi ya kudu diweni loro (kerana ana tukang ngebasi lanang uga wadon). Isine peras iku akeh uga macem-macem, yaiku:
a.      Gedhang raja sak lirang.
b.     Gedhang saba sak lirang.
c.      Siji kelapa hang mari ditepasi (dikenceti kulit sepete) uga diweni pucuk ring ndhuwure.
d.     Siji kapas hang dipelinting makene dadi kaya bolak.
e.      Beras hang diwadhahi pelastik (takeran beras terserah).
f.       Gula abang siji.
g.      Perlengkapan kanggo nginang (suruh, enjet, gambir, jambe, uga sisig).
h.     Picis hang dipincuk nganggo godhong gedhang (jumlah picis sak cukupe uga sak karepe nganggo picis kenthing utawa kertas).
 
Nawitah ana hang padha uga bidane ambi prosesi iwuh ring desa-desa liyane, iki isun mung nduduhaken paran hang mula wis diwarisaken ambi paran hang wis ilang teka prosesi iwuh iku mauka. Mulane teka tulisan iki bisa nduduhaken nyang generasi-generasi hang hing tau weruh kadhung ana salah siji utawa loro tahapan hang wis ilang teka iwuh mauka. Kadhang hun pikir iki barang hang biyasah, naming isun uga mikir kadhung iwuh iku ya sakeral kerana ana maknane dhewek. Dhung hun artekaken bain, iwuh yaiku acara hang digawe ambi tuan rumah kanggo nduduhaken nyang dulur, tangga, kanca kadhung iyane (tuan rumah) nganakaken acara selametan ambi pesta kanggo sunatan utawa kawinan. Malah bisa dadi ajang nguripi obor, nyingsetaken tali seduluran, ambi nyambung tali sak kancaan.
 
Penulis: Muhamad Novi Yusuf (Opi)

Redaktur menerima berbagai tulisan, kirimkan tulisan anda dengan mendaftar sebagai kontributor di sini. Mari ikut membangun basa Using dan Belambangan.


Sumber : Muhamad Novi Yusup (Opi)

Editor: Hani Z. Noor