Radhiyo Komunitas Mengeti Dina Pers Nasional

Antariksawan Jusuf (dipublikasikan pada Senin, 09 Februari 2026 07:35 WIB)
- Laporan



Radhiyo Komunitas Mengeti Dina Pers Nasional

Jaringan Radio Komunitas Broadcast Banyuwangi (JRKBB) mengeti Hari Pers Nasional (HPN) 2026 kelawan nggelar Gesah Ngopi lan Ngelantik pengurus.
   "JRKBB bakal terus ngeweni manpaat  kanggo masarakat kayata hiburan, informasi lan pendidikan liwat radhiyo komunitas," ucap Bambang Irawan hang kepilih maning dadi ketua JRKBB.
   Pengurus JRKBB masa bakti 2026-2028 dilantik ring Kedai Makmoer TMP Tukang kayu, dina Minggu (8/2/26). Acarane dipandu penyiar basa Using Mislatin Rehana lan nampilaken narasumber Nafi Ferdian ST, MT (Diskominfo), Ahmad Masduki, SP, M. Pd (Pimred Jurnal news.com) ambi Affandi Maulana, SS (Pemimpin Umum sastra wacana lan Penerbit Lintang).
   Wakil ketua JRKI Jatim Hadi Purwanto ngelungaken Kartu Pers nong anggota JRKBB m8nangka wujud simbol sokongan nong kebebasan pers.
   Dene Bambang Irawan hang teka Rakom Brit FM Gendoh Sempu kepilih maning dadi ketua JRKBB kanggo periode kedua.
   Acara iku uga ditekani tokoh agama, kaya KH Imam Hasan Thoha lan Drs. H. Agus Iskandar Zulkarnaen, uga penyair Using Ir. Jaenuri, M.Pd hang maca gurit teka buku karyane 99.
   Sawetara pegiyat medhiya Bung Aguk Darsono hang tau dadi wartawan rakom Bung Tomo FM lan saiki Ketua Perkumpulan Komunitas Gotongroyong'45 ngarepaken njaga terus semebare warta hang manpaat lan hiburan hang sehat ngarep rida Pengeran lewat medhiya komunitas.

H2OArum

Redaktur menerima berbagai tulisan, kirimkan tulisan anda dengan mendaftar sebagai kontributor di sini. Mari ikut membangun basa Using dan Belambangan.