Raker Dewan Kesenian Blambangan
Antariksawan Jusuf (dipublikasikan pada Senin, 11 Maret 2024 08:42 WIB)
- Laporan
Rapat Kerja Dewan Kesenian Belambangan (DKB) Kab. Banyuwangi dina iki Sabtu, 9 Maret 2024 ring Pelinggihan Prabu Tawangalun Dinas Kebudayaan dan Pariwisata. Kabeh pengurus DKB lan Dewan Kehormatan padha teka uga nekakaken keynote speaker Khoirul Anam, dosen ISI Denpasar. Dikarepaken ambi Ketua DKB, Kang Hasan, supaya Khoirul Anam gelem nyampekaken kelendi perkembangan seni ring Bali, kanggo ngungkit marwah seni ring Banyuwangi.
Plt. Kadisbudpar hang diwakili ambi Kabid Kebudayaan, yaiku Dewa Alit, nyampekaken kadhung para seniman ngurus Kartu Induk sing perlu teka ring Disbudpar. "Link ngurus Kartu Induk uwis digawe. Saingga kanca-kanca seniman ngurus Kartu Induk bisa teka umahe dhewek-dhewek. Kanggo kanca seniman kudu ngunggah karyane arupa paran bain karya hang diasilaken. Supaya Disbudpar weruh lan ngerti. Paran perlune? nalikane Pemda mbutuhaken, uwis kari ngubungi sanggare," abane Kang Dewa mungkasi sambutane ambi mbukak kelawan resmi Raker DKB.
Sakmarine ngerungokaken paparan akademik teka dosen ISI Denpasar, Khoirul Anam, ngenengi masalah perkembangan seni secara umum ring Indonesia, para ketua komite nyampekaken rencana program kerjane.
Dikawiti teka Komite Lukis hang ngajokaken rencana program antarane yaiku ruang lukis kanggo para pejabat, tujuwane dikarepaken bisa ngurangi stress ring kalangan pejabat.
Aju diterusaken ambi Komite Teater. Komite iki salah sijine program yaiku nekanaken Diklat Teater kanggo Guru SMP-SMA/SMK.
Hang nomer telu teka Komite Musik. Adlin hang tukang nyampekaken program ngewakili anggota liyane nyampekaken masalah neliti musik-musik klasik banyuwangen, supaya musik-musik hang ana ring jaman saiki iki sing kari adoh biluke teka aseline.
Komite Tari hang disampekaken ambi Suko Prayitno lebih mentingaken penjagaane ring masalah hasil karya tari hang larang bandhane, angel mikire lan suwi ulihe latihan uga nyatokaken ambi musike. Dhong-dhonge dadi, digawakaken Penari ring bidhang seni liyane aju diuwah-uwah. Mulane, Komite Tari ngajak ning sekabehane anggota pengurus DKB 2024-2029 bareng-bareng dandan-dandan seni hang dieret-eret ngadoh teka semesthine.
Dene Komite Seni Pertunjukan, diwakili Ali Kenthus ngomong: "Isun liwat Asosiasi Seni Tradhisi Banyuwangi utawa Astraba, uwis gerilya lan becik-becik ning seni pertunjukan hang melenceng kanggo kepentingan pasar. Taping sing direken. Isun sing duwe jalu. Mulane DKB kudu nyangoni senjata hang ampuh kanggo keliling supaya Isun lan kanca-kanca bisa dipercaya."
Komite liyane kayadene Bahasa dan Sastra lan Komite Perekaman dokumen uga nyampekaken program hang intine kanggo kemajuane DKB hang lengkap data lengkap informasi.
Pungkase Raker disimpulaken lan dadi penekanan teka Ketua Majelis Kehormatan (MK), H. Samsudin Adlawi. Ndhuwurane Radar Banyuwangi iku nyampekaken kadhung kabeh rencana program iku apik. Tugase MK nggawe MOU ambi lembaga-lembaga hang bisa ditempeli program teka DKB.
(kang ujik)
Redaktur menerima berbagai tulisan, kirimkan tulisan anda dengan mendaftar sebagai kontributor di sini. Mari ikut membangun basa Using dan Belambangan.


