Revitalisasi Basa Dhaerah Ngerah Basa Jawa
Antariksawan Jusuf (dipublikasikan pada Rabu, 25 Juni 2025 07:19 WIB)
- Laporan
Revitalisasi Basa Dhaerah Ngerah Basa Jawa
Balai Bahasa Provinsi Jawa Timur (BBJT) ngelaksanakaken program Revitalisasi Bahasa Daerah minangka bagiyan teka ring Perlindungan dan Pelestarian Bahasa Ibu.
Taun iki, seliyane hang wis digelar ring basa Medura lan basa Using, kegiyatan diutamakaken nyang basa Jawa lan ngerah telung dhaerah yaiku Kabupaten Sidoarjo Kabupaten Gresik lan Kota Surabaya.
Kepala BBJT, Puji Retno Hardiningtyas, njelasaken gok kegiyatan hang nduweni judhul "Rapat Koordinasi Antarinstansi Dalam Rangka Revitalisasi Bahasa Jawa" iki mbisuke dadi dhasar kanggone guru-guru utama ring tingkat SD lan SMP, makene dadi "Agen Perubahan" kanggo nguripaken maning basa Jawa ring kalangan lalare nom-noman.
"Tujuwan utama kita ngelakokaken pelestarian lan perlindhungan basa Jawa, kelawan nyasar guru utama hang engko bakal ngimbasaken pembelajarane nyang para peserta dhidhik SD lan SMP," ujare Bu Puji dina Senin tanggal 23 Juni 2025.
Program Revitalisasi iki mbisuke dilaksanakaken liwat enem tahapan.
Hang kawitan "Rapat Koordinasi dan Penandatanganan Komitmen" ambi pemerintah dhaerah, hususe Dinas Pendidikan dan Kebudayaan ring kana.
Seteruse nggelar "Diskusi Kelompok Terpimpin" kanggo nyusun modhel pembelajaran basa Jawa hang akehe ana pitung macem lomba yaiku cerpen, puisi, tembang, dolanan, gurit, pidhato lan komedi tunggal.
"Kita kepingin nyelarasaken modhel pembelajaran iki minangka bahan pendhamping muatan lokal. Merga iku, perlu ana bahasan teknis kelawan intensip," jelase bu Puji.
Tahap hang ketelu yaiku Bimbingan Teknis kanggone guru utama SD lan SMP hang arep dadi pasilitator penggerak pembelajaran ring sekolahe dhewek-dhewek. Seteruse dilakokaken pemantauan kanggone meruhi sepira ulihe asil pembelajaran teka ring guru utama nyang siswa, guru sejawat lan lingkungan sekolah umume.
Ring program iki uga disiyapaken penghargaan nasional nyang dhaerah hang ndhukung pelestarian basa dhaerah, kelawan ngirim wakile nyang ajang Festival Tunas Bahasa Ibu (FTBI) tingkat nasional.
"FTBI dadi tahap pucit, merga ring kono engko lalare nyuguhaken karya lan penampilane ring lomba-lomba basa Jawa. Iki dadi perayaan uga ngukur asile program iki," jare Bu Puji.
Iyane masthekaken gok program iki arep digedhekaken nyang lebih akeh dhaerah maning ring taun-taun mengarepe. Mbisuke, liwat Rapat Koordinasi iki arep digawe Modul Pembelajaran hang sakkal dienggo ring taun iki.
Sakwetara iku, Kepala Pusat Pengembangan dan Perlindungan Bahasa, Dora Amalia ngungkapaken gok Rapat Koordinasi iki minangka kawitan teka ring tahapan kanggo program revitalisasi basa dhaerah hususe basa Jawa.
"Ring Rakor iki kabeh pihak hang nduweni kepentingan iki mupakat kelawan nandhatangani komitmen lan iku minangka dhasar implementasi seteruse," ujare mungkasi.
Redaktur menerima berbagai tulisan, kirimkan tulisan anda dengan mendaftar sebagai kontributor di sini. Mari ikut membangun basa Using dan Belambangan.






