Revitalisasi Basa Using 2025 Diangkati

Antariksawan Jusuf (dipublikasikan pada Senin, 16 Juni 2025 08:29 WIB)
- Laporan



Revitalisasi Basa Using 2025 Diangkati

Balai Bahasa Jawa Timur (BBJT) mangkat maning nggelar Revitalisasi Basa Daerah kanggo basa Jawa dialek Using. Taun iki melebu taun ketelu.
    Hang kawitan dilakoni lan diangkati dina iki yaiku ngelatih guru-guru master SD lan SMP teka tanggal 16-20 Juni 2025 ring aula Universitas 17 Agustus (Untag) Banyuwangi. Sakteruse guru-guru iku dikongkon nerusaken ilmu teka para maestro basa Using nang guru-guru lain muride.
   "Taun iki guru hang milu mula jumlahe mudhun timbang taun soren. Merga BBJT ketambahan tugas ana Revitalisasi basa Jawa ring Surabaya, Sidoarjo lan Gresik," jare pimpinan proyek RBD Dr. Oktavia Vidiyanti.
   Rong Taun sedurunge, RBD ring Jawa Timur mung nyakup basa Medura ring Medura lan Basa Using. Dene taun sore seliyane 6 kabupaten ring Medura lan basa Using ditambah basa Medura ring Bondowoso lan Situbondo.
   Taun 2023, guru-guru master basa Using hang dilatih ana 51 aju taun 2024 ana 100 lan taun iki balik maning 51.
   Guru-guru master iki diajari pitung mata pelajaran yaiku Dongeng (ring basa Using diajari kang Slamet Penyet), Pidhato (mbok Nani Asiyani), Nulis puisi (kang Abdullah Fauzi), Nembang (kang Nanang Kuswoyo), Nulis cerita cendhek (mboj Nur Holipah), Ngewer (kang Ali Kenthus), Nulis lan Maca (Antariksawan Jusuf).
    Para guru master sakteruse kudu nularaken ilmune nang guru-guru lan murid.
   Taun 2023, murid hang ditulari ana 11.000 lebih lan taun sore angkane bisa diunggahaken maning dadi 14-15.000 murid. "Taun iki diarepaken diimbas nang 17.000 lare sak Jawa Timur," jare Bu Okta hang asale teka Banyuwangi.
   Pelatihan guru master ring Banyuwangi iki kelebu hang kasep merga hang kanggo Medura lan Bondowoso lan Situbondo wis dilakoni ulan sore.
   Setemene pemerintah Banyuwangi sakat 2021 wis nganakaken Revitalisasi dhewek sedurunge Badan Bahasa nggawe programe nang Banyuwangi.
   Kawitane mung Ndongeng lan Geguritan (puisi Using). Taun sak teruse ditambah Memengan Sandhiwara Using. Malah ring dina-dina mburi, Memengan Sandhiwara iki dadi maskot Literasi Using.
   

Redaktur menerima berbagai tulisan, kirimkan tulisan anda dengan mendaftar sebagai kontributor di sini. Mari ikut membangun basa Using dan Belambangan.


Editor: Antariksawan Jusuf