Ringkesan Cerita Sudamala, Bapake Sritanjung (Bagiyan 1 teka 3)
Antariksawan Jusuf (dipublikasikan pada Kamis, 30 Januari 2025 06:45 WIB)
- Laporan
-53410.jpg)
Sapa ring Banyuwangi kang sing weruh Sri Tanjung? Tapi acake ditakoni sapa bapak lan emake? Emeh kabeh hing weruh merga hing tau rungu Sudamala. Sapa Sudamala?
Enget tepak Sri Tanjung marek disuduk lakine, Sidapeksa, ring Setra Gandamayu? Ruwahe Sri Tanjung keli nang banyu nunggang iwak nuju segara. Emane ana Dewi Uma hang nulung nguripaken maning merga Sri Tanjung durung wayahe mati. Sapa Dewi Uma?
Gedigi ceritane Sudamala hang diringkes lan dialihbasa teka buku Kapustakan Djawi tulisane Prof. Dr. R. M. Ng. Poerbatjaraka lan buku Kalangwan tulisane P. J. Zoetmulder.
Jare Pak Poerbatjaraka kidung Sudamala diarani sekar tengahan merga nganggo sekar macapat kuna hang wong-wong saiki wis hing ana hang weruh.
Cerita dikawiti gedigi: Sang Hyang Tunggal lan Sang Hyang Wisesa wadul nyang Batara Guru gok Dewi Uma nggawe laku elek, hubungan nang wong lanang liya.
Batara Guru kelayung seru. Dewi Uma hang wernane ijo seru, didadekaken Betari Durga, ambi diwarahi gok hang bisa ngeruwat iku kemunjilane Pandawa yaiku Sadewa.
Batari Durga hang rupane medeni seru aju manggon ring Setra Gandamayu dadi agul-agule jim lan para lelembut.
Aju ana gandaruwa (mahluk gaib tapi wujude kaya menungsa manggon ring kahyangan) hang aran Citrasena lan Citranggada. Jak loro iki nyalah, laku ngintip Batara Guru hang tepak adus ambi rabine ring banyu.
Sakteruse jak loron iki, hang didadekaken danawa (dewa hang tingkate lebih endhepan), ngadhep nyang Perabu Duryodana.
Ngomonge, Korawa saiki ulih dhukungan teka rong danawa sakti kanggo ngelawan Pandawa.
Dewi Kunti rungu pisan, nggawe atine bingung. Serang bingunge, sang Dewi teka ring Setra Gandamayu ditemoni Batari Durga. (Dewi Kunti iki emak kandhunge Yudhistira, Bima lan Arjuna teka lakine hang aran Pandu. Marek Pandu sampek umur, iyane uga ngerawati anak kuwalone anake Pandu ambi Madri-red).
Dewi Kunti njaluk urip patine danawa loro mau, taping iyane dijaluki kudu nggawa menda abang siji. Dewi Kunti nyanggupi taping serta Betari Durga njaluk Sadewa, Dewi Kunti hing sanggup, aju pamitan.
Sak pungkure Dewi Kunti, Kalika (setan wadon) diceluk Batari Durga kongkon nyurupi Dewi Kunti. Dewi Kunti kesurupan, awake kerasa panas, aju balik nang Betari Durga kanggo nyanggupi penjaluke, aju balik nang kedaton.
Anak-anake girang ndeleng emake wis mulih merga sedurunge ngilang hing weruh nong endi menyange.
Dewi Kunti aju ngomong arep nggawa Sadewa nang Dewi Durga. Kadhung Pandawa hing ngidini arep dipateni.
Sadewa pungkasane digawa Dewi Kunti
nang Setra Gandamayu. Marek nyerahaken Sadewa, Dewi Kunti mulih nang kedaton aju turu. Kalika hang mau nyusup nang awake Kunti aju metu lan mulih nang Setra Gandamayu.
(Ana sambungane)
Redaktur menerima berbagai tulisan, kirimkan tulisan anda dengan mendaftar sebagai kontributor di sini. Mari ikut membangun basa Using dan Belambangan.