Ritual Adat Seblang Bakungan
Antariksawan Jusuf (dipublikasikan pada Selasa, 02 Juni 2026 06:55 WIB)
- Laporan
Banyuwangi duwe adat Seblang loro. Siji hang digelar mari Idul Fitri ring desa Olehsari lan siji digelar mari Idul Adha ring desa Bakungan.
Kaya dina Minggu (31/5/2026) sore ketepakan ambi pereian dawa, masarakat nggelar ritual adat Seblang Bakungan.
Paran bedane ambi Seblang Olehsari? Seblang Olehsari digelar pirangane dina, wayah raina lan gandrunge seblang lare hang magih perawan. Dene Seblang Bakungan digelar dalu, mung sedina lan gandrunge seblang wong hang wis rijig (menopos).
Ring Bakungan rituale dikawiti ambi Ider Bumi, mari magerib. Damar ring wilayah kelurahan kono padha dipateni. Sedawane
pinggir dalan, warga nggelar kelasa bareng keluwargane. Pucuke oncor hang sunare ngganteni terange listrik, nggawe kahanan rada sintru ngengetaken masarakat jaman bengen.
Warga wis nyedhiyani pecel pitik dhewek-dhewek naming durung dipangan sampek Ider Bumine mari dilakoni.
Rombongan Ider Bumi melaku teka panggon kawitane desa aju melibeng sakjerone kampung. Oncor-oncor hang digawa ring prosesi iku ngambah dalan, lompongan.
Ring saben perapatan dalan, ana hang adan, nduduhaken masarakat hing ninggal ajaran agama.
Kadhung jare sesepuh desa Bakungan, prosesi iku minangka upayane masarakat kanggo njaluk selamet, tulak balak lan njaga hubungane antarane menungsa, alam lan Hang Kuwasa.
Sak marine rombongan ring panggonan kawitan mau, listrik aju diurupaken lan wong-wong padha madhang suguhane dhewek-dhewek.
Sekira jam 20.00, wong-wong padha mingser marek ring genjot panggonane adat Seblang. Gandrunge seblange, wong tuwek hang wis rijig. Masarakat percaya gok wong wadon hang dipilih liwat pituduh wong hang kejimen dadi gandrunge Seblang bisa dadi sasak antarane menungsa lan para pepundhene.
Ubahe edheng-edheng, gandrung Seblange njuged miloni gendhing-gendhing hang kerasa kaya mantra merga sithik taping dibolan-baleni. Gandrunge seblang melibengi genjot kadhang nggendhong anak-anakan, kadhang ambi nganggaraken keris loro.
Ring tengah-tengahe ritual, panitiyane ngedumaken kembang derma, arupa kundukan kembang wangsa (kenanga), cempaka putih (kembang kanthil) lan kembang sundel. Penonton rebutan tuku kembang derma hang diregani limang ewu iku.
Warga percaya kelawan nyimpen kembang dermane seblang ring umah, bisa nggawa selamet, tulak balak lan dadi tamba pirangane penyakit.
Masiya donya wis modheren, seblang Bakungan lan gelaran ritual liyane nduduhaken masarakat hang mituhu nggandholi ring tinggalane embah buyute lan ndadekaken sasak hang nyambungaken generasi saiki ambi leluhure.
Redaktur menerima berbagai tulisan, kirimkan tulisan anda dengan mendaftar sebagai kontributor di sini. Mari ikut membangun basa Using dan Belambangan.