Ruwat Desa Gendoh

Antariksawan Jusuf (dipublikasikan pada Selasa, 22 Juli 2025 06:29 WIB)
- Laporan



Minangka masarakat tani (agraris) emeh saben panggonan ring Banyuwangi nduwe adat bersih desa minangka wujud rasa sukur nang Pengeran.
   Jare Kepala Desa Gendoh, Pak Didik Darmadi, hang sak keluwarga milu arak-arakan lan dietutaken ambi ibu-ibu PKK desa Gendoh, prosesi dina Sabtu 19 Juli iku diarani Ruwat desa Gendoh.
   Setemene Bersih Desa dianakaken merga wis suwi desa Gendoh hing ana Ruwatan, jare Pak Didik hang madeg dadi kepala desa sakat taun 2019 nang koresponden belambangan.com ring Kedunglewung Wiwik KL. "Wis lebih teka 10 taun desa Gendoh sing nganakaken selametan bersih desa/ruwatan desa, kelebu arak-arakan asil bumi lan sedhekah bumi. Insyaallah iki hang kawitan lan minate masarakat seru gedhine. Dina Sabtu tanggal iku sing ana pantangan kanggo nganakaken hajat utawa iwuh gedhi, sakral lan liyane. Istilahe itungan dinane apik sing ana alangan paran-paran, uga magih ring ulan Sura, taun ngarep kita anakaken maning kelawan lebih sempurna.
   Ring basa Jawa, wong Gendoh ngarani iwuh iku Ruwatan/Bersih Desa.
Dene gunungan iku Sedhekah Bumi hang kanggone masarakat nduweni pengarepan gok asil panene bisa munjung kaya gunung."
   Tujuwane supaya masarakat desa Gendoh diedohaken teka balak lan belahi, tetep guyup rukun, usahane ring tetanen, dagang lan ekonomine kabeh diwani lancar lan saya maju.
   Acarane ana gelaran wayang kulit sakat jam 9 sampek bedhug. Aju marek bedhug ana siraman lan ndonga lintas agama. Marek ngaso lan madhang, aju ana arak-arakan asil bumi arupa gunungan asil bumi arane Sedekah Bumi yaiku rasa sukur merga rejeki teka Gusti Alloh. Kabeh asile Bumi disedhekahaken minangka wujud sukur nang Alloh Hang Maha Kuwasa makene saya ulih berkah.
   Limang dusun hang ana ring Gendoh -Dusun Plaosan, Dusun Gantung, Dusun Klontang, Dusun Krajan lan Dusun Genitri - milu ngewani gunungan asil bumine.
   Saben dusun nyiyapaken sak gunungan aju gunungan asil bumi mau dipikul diarak teka balai desa Gendoh nang RTH aju sak mareke dibagi nang masarakat hang nyekseni kabeh. Masarakat padha rebutan gunungane mau ring RTH makene sing mbebayani timbang dibagekaken nong dalan.
   Gunungane direngga, ana hang motip kaya ula, ana hang dietap biyasah madhani belegerane gunung hang mucit mendhuwur.

Redaktur menerima berbagai tulisan, kirimkan tulisan anda dengan mendaftar sebagai kontributor di sini. Mari ikut membangun basa Using dan Belambangan.


Editor: Antariksawan Jusuf