Sadewa Ulih Gelar Sudamala (Bagiyan 2 teka 3)

Antariksawan Jusuf (dipublikasikan pada Jumat, 31 Januari 2025 07:28 WIB)
- Laporan



Gedigi ceritane Sudamala hang diringkes lan dialihbasa teka buku Kapustakan Djawi tulisane Prof. Dr. R. M. Ng. Poerbatjaraka lan buku Kalangwan tulisane P. J. Zoetmulder.
   Jare Pak Poerbatjaraka, kidung Sudamala diarani sekar tengahan merga nganggo sekar macapat kuna hang wong-wong saiki wis hing ana hang weruh.
   Teka cerita sedurunge, Sadewa pungkasane digawa Dewi Kunti
nang Setra Gandamayu. Marek nyerahaken Sadewa, Dewi Kunti mulih nang kedaton aju turu. Kalika hang mau nyusup nang awake Kunti aju metu lan mulih nang Setra Gandamayu.
   Sadewa ditaleni ambi wit kapuk alas. Kalika teka aju nyoploki tali hang muket awake Sadewa. Naming Sadewa tetep hing gelem nuruti karepe Nalika.
   Kalika ngamuk ngetokaken kesaktiyane. Bangsane kewan-kewan hang nyukeri metu kabeh, kayata kelabang, kalajengking lan macem-macem jerangkong metu kanggo nggudha Raden Sadewa. Naming Sadewa meneng bain hing umik.
   Marek gedigu Betari Durga njumbul aju ngomong nang Sadewa ngongkon ngeruwat iyane. Sadewa ngomong sing bisa. Sang Dewi ngamuk sampek ngancas arep mangan Sadewa. Naming Sadewa meneng bain hing ubah.
   Bagawan Narada tepak ngeloproh, weruh gok Sadewa arep dipateni ale iyane durung wayahe mati, iyane miber nang Hyang Madewa lan nyeritakaken kahanane Sadewa.
   Taping Madewa sing wanen ngerebut Sadewa. Aju bareng ambi Narada ngadhep Batara Guru. Batara Guru pungkasane mudhun ring Setra Gandamayu, aju ngongkon Sadewa.
   "Ruwaten, Sadewa, Batari Durga. Isun nak nyusup nang Rika."
   Marek Batara Guru nyusup, sang Sadewa aju ngomong nyang Batari Durga: "Batari, Sun jaluk Rika ngadeg hang jejeg." Betari Durga nuruti lan sak nalika dadi ayu maning.
   Kahanan ring alas ya milu uwah. Wit-witan hang maune nggerumbul hing kakaruwan, saiki uwah dadi taman, para lelembut, setan lan jerangkong uwah dadi dewa.
   Batari ngucap terima seru nang Sadewa, aju ngewani aran Sudamala (artine Hang ngerijigi kothoran).
   Aju dikongkon kawin pisan ambi anake Begawan Tambrapetra ring pertapan Prangalas, arane Dewi Padapa. Batari Uma balik nang suwarga.
   Sadewa melaku nang Prangalas dikancani Semar. Temenan kecaruk ambi anake Tambrapetra. Semar cumpu njaluk rabi pisan, hang dipilih abdine sang Putri yaiku Nini Towok.
   Raden Nakula nyusul adhike, hang dijujug Setra Gandamayu hang saiki wis dadi taman lan ditunggoni Kalika.

(Ana sambungane)

Redaktur menerima berbagai tulisan, kirimkan tulisan anda dengan mendaftar sebagai kontributor di sini. Mari ikut membangun basa Using dan Belambangan.


Editor: Hani Z. Noor