Santhet, Suwuk, Kelenik Banyuwangi (Bagiyan 1)
Antariksawan Jusuf (dipublikasikan pada Rabu, 01 Oktober 2025 08:37 WIB)
- Opini
Santhet, Suwuk, Kelenik Banyuwangi (Bagiyan 1)
Ditulis ring Eko Budi Setianto
Wong dhaerah liya magih nganggep gok wong Banyuwangi sing adoh teka bab-bab hang sipate goib. Merga seperene ya magih ana ilmu-ilmu goib kaya ilmu pengasihan (santhet), suwuk lan liyane, masiya cara lan tatanane wis beda ambi hang dienggo wong jaman bengen.
Seperene nyatane magih ana masarakat Using hang magih mituhu nang arane ilmu-ilmu gedigonan iku.
Umpamane njaluk penglaris kanggo usaha dagange, nggoleti barang kang ilang liwat "wong pinter", njaluk sikep dienggo cekelane awak, utawa ndeleng kondhisi wong hang arep ditagih utang.
Teka semono akehe ilmu mistik lan kelenik kang ana ring njerone kelompok masarakat Using, salah sijine ana ilmu pengasihan (ajian) kang paling hing mupakat yaiku Jaran Goyang.
Miturut ruwahe budayawan Hasan Ali, Jaran Goyang iku ilmu pengasihan hang paling jahat kang tau ana ring masarakat Using.
Dianggep jahat merga sang sapa keneng ajian iku bisa lali sembarang kalir lan tingkah polahe sampek kaya wong edan.
Sangking jahate ajian Jaran Goyang sampek ana unen-unen "Dhung keneng Jaran Goyang, ukurane nyuwun gombal" (sing enget paran-paran kaya wong edan).
Miturut ceritane wong-wong tuwek hang ngalami langsung, ajian Jaran Goyang iku biyasahe dikanggokaken ambi wong hang seru temenan ngalami lara ati merga dicamah utawa digawe isin ambi wong kang didhemeni.
Ambekaneya gedigu, kang aran ajian Jaran Goyang, suwuk lan sak piturute iku mula wis dadi bagiyan kultur masarakat Using, jare ruwahe Pak Hasnan Singodimayan.
Gedigu iku salah sijine cara masarakat Using nguwati, mageri lang ngungkungi kelompoke dienggo ngadhepi serangan-serangan teka njaba.
Serangan teka njaba iki bisa hang anter sampek teka hang sepele. Contone ring iwuh Angklung Caruk. Saben grup kudu mageri kelompoke merga musuh kadhang nggawe rusuh, hang angklunge suwarane mendhep hing muni sampek hang nabuh ngising getih.
Naming nyatane ring walike ajian Jaran Goyang hang jahat mauka ya ana makna filosopis kang jeru yaiku wong mesthi mbales kadhung rumangsa dilarani ambi wong liya.
Gampange, kadhung rika didhemeni uwong naming rika dhewek nyatane sing nduwe rasa dhemen, ya waraha terus terang taping nganggo basa hang apik lan sopan makene wong hang ditampik rasa dhemene mau sing sampek kemisinen utawa ngerasa dicamah.
(Ana terusane)
Redaktur menerima berbagai tulisan, kirimkan tulisan anda dengan mendaftar sebagai kontributor di sini. Mari ikut membangun basa Using dan Belambangan.
-62782.jpg)