Santhet, Suwuk lan Kelenik Banyuwangi (Bagiyan 2)
Antariksawan Jusuf (dipublikasikan pada Kamis, 02 Oktober 2025 06:02 WIB)
- Opini
Santhet, Suwuk, Kelenik Banyuwangi (Bagiyan 2)
Ditulis ring Eko Budi Setianto
Masiya Pemerintah Banyuwangi kepingine mbusek aran kelenik hang wis gandheng ambi aran Banyuwangi kelawan ndadekaken "Banyuwangi kota internet, dudu kota santet" maning, nyatane kedadeyan iku nyata lan sakat bengen ana.
Mula hang umum aji pengasihan hang ring Banyuwangi kesebut santhet (ana hang nyocog-nyocogaken ambi singkatan: mesisan ganthet, mesisan benthet). Ring njaba Banyuwangi istilah santhet iki dianggep padha ambi sihir. Wong njaba nyebut santhet iku hang dimaksud sihir.
Sakat jaman kuna, contone kaya hang kecathet ring gendhing gandrung lawas Sekar Jenang, ana lirike hang unine gedigi:
kelambi ijo diweni bakale
wis kilekena ring kedhung kang santer
kadhung sing jodho kelendi akale
goletena dhukun kang penter
Hubungan antarane lare lanang lan wadon iki hang setemene hang akeh nganggo ajian. Mangkane diarani ajian Pengasihan. Merga kadhung hing ketanggor ring rasa welas salah sijine (karo-karone padha welase) nana alangan hang dianggep gedhe. Wong tuweke hing setuju, lare wadone dicolong.
Malah ajian pengasihan iku hing mung Jaran Goyang, naming ana liyane kaya hang tau ditulis Pak Hasnan yaiku santhet umah-umah hang arane kabeh nganggo kewan: "kebo budhuh", "sapi rambon", "babi esek-esek", "asu ason-ason", "wedhus kelumus", lan "kucing gorang." Njabane umah "celeng kesreg."
Jare ruwahe Pak Hasan Ali, Jaran Goyang iku kelebu jenis ilmu pengasihan kang paling kuna, kelasik.
Ajian Jaran Goyang lebih akeh dienggo mbalesi lara ati timbangane dienggo nggayuh rasa welas lan dhemene uwong.
Nurut ceritane wong-wong kang paham, ilmu pengasihan iki kang bisa nambani utawa ngaronaken uwong hang keneng, hing ana kejaba uwong hang nggawe utawa hang ngirim ajian iku.
"Terus terang, Isun iki setemene sing pati percaya ambi gedigonan-gedigonan iku. Tapi Isun dhewek yakin, hakkul yakin, dhung ilmu-ilmu gedigonan iku mula ana. Malah, Isun iki tau ndeleng lan weruh dhewek nang uwong kang keneng ajian Jaran Goyang. Byek dhung keneng gedigonan iku masyaalloh pokoke wis. Wis kaya wong edan temenanan ika," jare Pak Hasan Ali pirangane taun kepungkur.
(Ana terusane)
Redaktur menerima berbagai tulisan, kirimkan tulisan anda dengan mendaftar sebagai kontributor di sini. Mari ikut membangun basa Using dan Belambangan.