Santhet, Suwuk lan Kelenik Banyuwangi (Bagiyan 4 pungkas)

Antariksawan Jusuf (dipublikasikan pada Sabtu, 04 Oktober 2025 07:40 WIB)
- Opini



Santhet, Suwuk lan Kelenik Banyuwangi (Bagiyan 4 pungkas)

Teka tulisan sedurunge, kene weruh cumpu masiya padha-padha ilmu pengasihan (Santhet: Mesisan ganthet mesisan benthet), ilmu kaya Jaran Goyang dienggo wong hang mbalesaken lara atine merga dicamah utawa digawe isin.
   Jare sesepuh Dukuh Talunjeruk, Glagah, Kang Usik, ring ilmu pengasihan wong Banyuwangi kenal mung telu: lintrik, sabuk mangir lan jaran goyang.
   "Iku endemike (aseline) wong Banyuwangi. Ring kulon, ring (wetan) Bali kana masiya ana kartu lintrike taping hing ana ilmu hang nganggo medhiya kartu lintrik."
   Ambekaneya ngaku hing bisa ngelakoni, Kang Usik bisa njelentrehaken.
   "Lintrik iku maca atinrika. Sariate mauka, kartune kudu nyolong, marek nyolong ditapakaken nang kuburan gowong utawa kuburane wong mati duwe anak, melakune mundur, wonge ambi mbangkang."
Tambah Kang Usik: "Kadhung uwis, kartune mauka hing ulih dicekel wong liya mangkane digembol."
   Kanggone wong hang sing ngarti, kartu lintrik bisa uga dienggo kaya ilmu pengasihan.
   "Kartu mau dhasare dienggo nerawang. Umpamane wong arep nagih utang wong iki picise ana tah sing. Bisa dideleng teka kartu lintrik iku mauka, penjudi hang hing tau kalah ya dhukun lintrik iku. Wong teka yara mesthi ninggali embuh 50 embuh 100, pokoke adang. Bisa pisan nggawe lare bingung."
   Bedane ambi pengasihan liya kaya Jaran Goyang, "Kadhung jaran goyang bisa nggawe lare 'nyuwun gombal'."
   Sabuk Mangir kelebu ilmu pengasihan. "Kadhung bengen biyasahe dienggo wong bathokan supaya pelanggan tetep teka." Warung bathokan setemene panggonan dodolan kopi hang digawe bapak dienggo anake wadon kanggo nggoletaken jodho. Ring warung bathokan merujuk sastera Using merga wong-wonge padha ngomong nganggo cara basanan. Naming suwi-suwi dipelintir dadi panggonan wong nakal dodolan.
   Kang Usik ngerasa dhukun iku akeh hang ngapusi. "Hang diedol iku tau Hun bedhah isine suwekan teka Quran turutan ambi Mukaddam."
   Ana maning hang dipathokaken ring lawang. Tulisane ya hing kakaruwan. Jimat, jimat paran. Tulisane Quran hang benere kitab suci, jare Kang Usik.
 

   

Redaktur menerima berbagai tulisan, kirimkan tulisan anda dengan mendaftar sebagai kontributor di sini. Mari ikut membangun basa Using dan Belambangan.


Editor: Hani Z. Noor