Santhet Umah-Umah (Bagiyan 1 teka 2)
Antariksawan Jusuf (dipublikasikan pada Senin, 22 September 2025 05:53 WIB)
- Opini
Santhet Umah-Umah
Ditulis ring Hasnan Singodimayan
Santhet Banyuwangi bida ambi sihir (ilmu hitam-red), hang sing mung ngelarani sampek nong patine. Santhet mung unen-unen, mesisan kanthet, mesisan benthet. Karuwan saya rapet, karuwan dadi pisah.
Hang aran santhet ring Banyuwangi ana petang perkara yaiku santhet cemeng, santhet abang, santhet kuning lan santhet putih. Umume wong-wong ngarani santhet peteng dhedhet, santhet mberanang, santhet kemuning lan santhet alas kemulus.
Santhet putih mung sak ambalan lan sak nalika ketemu lan mung sak wayah. Santhet kuning kanggo guyonan wong kang ladak, hang bingkak lang hang aclak, sampek rumangsa isin sing perlu diisin-isini.
Santhet abang mberanang, bisa diarani santhet umah-umah kanggo sak jerone umah utawa umah liyan. Hang dadi perkarane mung perkara umah-umah. Merga arane aran kewan umah rawatane menungsa. Jare ahli peternakan "binatang domestik" hang uripe gemantung nang menungsa yaiku jaran, kebo, sapi, babi, asu, wedhus lan kucing.
Aran santhete aneh-aneh. Taping ana nalare, hang kesuwur kanggone lalare nomnoman mung "jaran goyang". Santhet liyane kurang dipahami naming lakune ana ning endi-endi. Kaya umpamane "kebo budhuh", "sapi rambon", "babi esek-esek", "asu ason-ason", "wedhus kelumus", lan "kucing gorang". Njabane umah "celeng kesreg".
Ning Banyuwangi, akeh wong umah-umah, rukune sih rukun, taping saben dinane mung gorang antarane hang wadon ambi hang lanang.
Perkara hang digorangaken mung perkara cilik lan sepele taping tangga rungu kabeh.
Jare cerita hang wadon iku wis duwe bakalan ambi tanggane lan kancane. Aju kepincut ambi lare liya hang lebih nggantheng lan lebih duwe. Lare wadon mau disanthet nganggo "kucing gorang", mula sak uripe gorang terus.
Bida ambi santhet "wedhus kelumus", duwe aji-aji cangklong siji digawe teka sungune wedhus. Ring endi bain kecaruk wong wadon embuh perawan embuh randha, utawa hang wis duwe laki, bisa dadi katute. Larene sing nggantheng, sing sugih, bandhane mung gemagus, rijig kelimis, ambi nyangklong cangklong, ududan sing mandheg-mandheg ngebulaken weleke merana-merene, ambi ngomong kelamong.
(Ana terusane)
Redaktur menerima berbagai tulisan, kirimkan tulisan anda dengan mendaftar sebagai kontributor di sini. Mari ikut membangun basa Using dan Belambangan.
Sumber : Hasnan Singodimayan
Editor: Hani Z. Noor