Santhet Umah-Umah (Bagiyan 2, Pungkas)
Antariksawan Jusuf (dipublikasikan pada Selasa, 23 September 2025 06:54 WIB)
- Opini
Santhet Umah-Umah (Bagiyan 2 Pungkas)
Mantera santhet umah-umah mung sak ucap rong ucap, sing pati dawa. Taping werangkate hang abot, kudu nyekel utawa duwe barange lare kang disanthet. Bisa rambute. Rambut njaba utawa rambut njero. Bisa kukune, kuku sikil utawa kuku tangan. Bisa iluhe mata, bisa keringete, bisa ilure lan bisa uga barang pecake anggon-anggon. Bisa dilakoni dhewèk lan bisa njaluk tulung dhukun.
Taping jaman saiki, kang aran dhukun butuhe mung picise, akeh ngapusi lan sing ngarti paran-paran. Paran maning perkara selingkuh, sing perlu nong dhukun, bisane mung dadi pitenah. Merga kang aran santhet kebo budhuh, sapi rambon mung dadi omongane para belantik, dagang kebo lan sapi ning pasar Senen lan Reboan. Ramene nalika jaman pendhudhukan Jepang.
"Kebo budhuh, kebo budhuh, ya wis dadi jodho
Umah-umah wong loro, jabang bayi...aja tangi-tangi
Sak jerone wengi, kebo budhuh ya wis dadi jodho
Sun kemut-kemut, dadi selimut, kemut-kemut bayine manut."
Santhet hang apik kanggo umah-umah yaiku santhet "Mbok Sritanjung." Hang lanang betah ning umah, milu tandang ning pawon, rijig-rijig latar, milu nyang pasar. Wong lanang hang keneng santhet "Mbok Sritanjung" diceluk berayane lan tanggane "bibik". Aran Suyono diceluk "Bik Yono."
Mbok Sritanjung omproke urung-urung
Basahane sarung kuwung.
Diemben kaya kemben.
Aja diambung njabane lurung.
Urung-urung bisa wurung.
Mandheg kedhuhung.
Bisa kecemplung.
(Hasnan Singodimayan)
Redaktur menerima berbagai tulisan, kirimkan tulisan anda dengan mendaftar sebagai kontributor di sini. Mari ikut membangun basa Using dan Belambangan.