Saya Kukuh, Ikawangi Bandung Siyap Dadi Werangkat Kemajuan Dhaerah

Antariksawan Jusuf (dipublikasikan pada Selasa, 06 Mei 2025 08:12 WIB)
- Laporan



Guyube para diaspora Banyuwangi ring tanah boroan dadi salah siji instrumen penting ring pembangunan dhaerah. Liwat Ikatan Keluarga Banyuwangi (Ikawangi) diarepaken bisa ngeronce maneka potensi ring njaban kanggone tanah kelairan.
   "Isun kabeh seru ngarepaken kolaborasi ambi kabeh pihak. Hing bisa kadhung mung ngandhelaken sumber daya hang ana ring Banyuwangi thok, paran maning mung ASN, perlu elungan tangan lan pikiran kabeh pihak," ucape Bupati Banyuwangi Ipuk Fiestiandani kala ngadiri Halal bi Halal Ikawangi Bandung ring Puri Bambu Bandung, Minggu 4 Mei 2025.
   Bu Ipuk uga ngarepaken warga Banyuwangi hang ngumbara ring tanah boroan ngembangaken potensine dhewek. Saingga engkisuke bisa nggayuh perestasi lan milu urun kontribusi kanggone Banyuwangi.
"Kadhung kapanane viral hastag 'Kabur Aja Dulu', Isun hing menging. Hing paran-paran ndelenga donya ring negara manca, taping balika ndeleng lan majokaken dhaerah. Dhuwurena kemampuane aju ngabdi kanggo Banyuwangi," penjaluke bu Ipuk.
   Ajakan Bu Ipuk iku disambut kelawan semangat ring keluwarga Ikawangi. Masiya raga sewang-sewangan ambi tanah kelairan naming jiwa lan pikiran tetep cemanthel ring Banyuwangi.
   Penasihat Ikawangi Bandung hang uga menteri Pariwisata ďhongkol Pak Arif Yahya ring pidhatone njaluk ring Diaspora Banyuwangi yaiku wong-wong Banyuwangi ring tanah boroan, nong endi bain, kudu tetep welas nang Banyuwangi.
   "Kene, para para diaspora tetep maroti semangat, nilai luhur lan budaya Banyuwangi ring ati, pikiran lan jangkahe," jare wong Panderejo hang duwe panggonan wisata Puri Bambu.
   "Ikawangi hebat, kadhung Banyuwangi hebat. Kene mongkog minangka wong Banyuwangi," jare Pak Arif.
   Sawetara iku sesepuh Ikawangi Bandung Pak Djuhri Rosyidi ngomong: "Paran bain hang dadi kebutuhan  Banyuwangi, sedawane bisa, awak dhewek siyap mbantu kemajuane  Banyuwangi."
   Wong Lemahbang hang umure wis 92 taun iki minangka mahasiswa ITB kawitan asal Banyuwangi taun 1957. Pangsiyunan pejabat ring kementrian iki ESDM nyebutaken gok akeh diaspora Banyuwangi hang saiki dadi ahli ring maneka bidhang ilmu pengetahuan. "Ana ahli gempa, ahli pertambangan, penerbangan lan magih akeh liyane."
   Padha ambi Pak Djuhri, ketua Ikawangi Bandung minangka dhosen ring Fakultas Teknik Mesin dan Dirgantara ITB, Edy Suwondo uga negesaken bab hang padha.
"Proses regenerasi terus ajeg, akeh dhosen-dhosen enom asal Banyuwangi hang terus ngembangaken karire," ujare.
   Majune Banyuwangi saiki, nambahi semangat para diaspora kanggone ngatonaken identitas diri lan njuwut peran.
"Isun kabeh mongkog ngaku dadi wong Banyuwangi lan kaya ketantang milu urun kanggo tanah kelairan," jare Edy hang asal Genteng iku.
   Acara Halal bi Halal iku hing mung dipiloni warga Ikawangi Bandung, naming uga ditekani warga Ikawangi teka kutha-kutha sakubengane ring Jawa Barat lan uga teka Jakarta. Kelebu Ketua Ikawangi Pusat Pak Rusdi Maksum. Ring antarane para dhayoh, hang dadi perhatiyan yaiku tekane Dr. Dewi Agustiningsih. Lare kelairan taun 1998 iku bisa marekaken pendhidhikan doktoral ring UGM minangka lulusan paling enom lan paling cepet.
   "Sakat Nopember taun soren manggon ring Bandung, Isun diterima dadi dhosen ring ITB," jare lare Tukangkayu hang duwe keahliyan ring bidhang kimia iku. 

   Ikawangi Bandung uga nampilaken barong lan hiburan liyane diisi penyanyi Danang.

Redaktur menerima berbagai tulisan, kirimkan tulisan anda dengan mendaftar sebagai kontributor di sini. Mari ikut membangun basa Using dan Belambangan.


Sumber : Ayunk N.

Editor: Hani Z. Noor