Sedurunge Banyuwangi, Ana Kabupaten Kasepuhan Belambangan Wetan

Antariksawan Jusuf (dipublikasikan pada Sabtu, 21 Desember 2024 07:24 WIB)
- Laporan



Kelendi sejarahe Belambangan dadi Banyuwangi? Setemene kadhung disebut ilange Belambangan, Banyuwangi gantine hing sak wutuhe bener, jare pegiyat sejarah Mas Aji Ramawidi ring tayangan Warga Sekitar OTW.
   Jare Mas Aji, Belambangan dikawiti taun 1352. Teka Belambangan nang Banyuwangi hang minangka kutha buru ana taun 1774, ana selate kira-kira 45 taun.
"Kerajaan Belambangan ilang taun 1767-68, aju mecungul aran kutha Banyuwangi taun 1774 lan dadi kutha administratip taun 1811. Dadi mula ana selane, teka 1768 nang 1811," jare Mas Aji hang nulis pirangane buku sejarah Belambangan kayata Suluh Blambangan, Suluh Blambangan 2, novel sejarah Wilis lan liyane.
   Dadi sedurunge 1811, paran arane? "Kabupaten Kasepuhan Belambangan Wetan. Merga marek dikalahaken VOC, kerajaan Belambangan dipara loro. Hang wetane Gunung Raung dadi Kasepuhan Belambangan Wetan lan kulone Gunung Raung dadi Kanoman Belambangan kulon. Aju hang kulon iki disibrak dadi Jember, Bondowoso lan Situbondo."
   Sakteruse wong Banyuwangi akeh hang hing weruh tokoh-tokoh Belambangan dhewek taping malah weruh tokoh-tokoh teka dhaerah liya, malah teka negara manca.
   "Ale Banyuwangi tau ngajokaken Agung Wilis, Rempeg lan Sayuwiwit minangka pahlawan nasional (masiya ambi panitiya nasional hing ana hang diterima merga hing ana karya ilmiyah pendhukunge-red)," jare Mas Aji.
   Umpamane ring Tembokrejo ana Ruang Terbuka Hijau (RTH) Untung Suropati. Ale teka dhaerah iku ana tokoh kerajaan Belambangan Danureja lan Danuningrat, akeh masarakat hang hing weruh.
    Ring Banyuwangi ana setadhiyon Diponegoro, ale kene wis nduwe tokoh Tawangalun utawa Wong Agung Wilis hang arane durung kasebut minangka tetenger.
   Dadi nurut Mas Aji Harjaba hang nengeri laire Banyuwangi mesthine hang kecathet taun 1811.
   Mula akeh usulane masarakat, seperene, taping taun 1995 DPRD Banyuwangi wis namtoaken gok 18 Desember minangka dina dadine merga kanggo mengeti peristiwa heroik tepak Rempeg Jagapati ngalahaken Landa.

   

Redaktur menerima berbagai tulisan, kirimkan tulisan anda dengan mendaftar sebagai kontributor di sini. Mari ikut membangun basa Using dan Belambangan.


Editor: Hani Z. Noor