Selametan Kebonan ring Dukuh, Glagah

Antariksawan Jusuf (dipublikasikan pada Rabu, 29 Januari 2025 09:07 WIB)
- Laporan



Wong Banyuwangi seru dhemene nang selametan. Emeh saben arep duwe gawe, utamane nang sawah kabeh ana sarate.
   Wong Dukuh, kecamatan Glagah masa sawah bain kang diselameti kebonane dadiya ciyut ya diselameti, jare wong tuwek hang ring Kampung Dukuh, Glagah, Kang Usik.
   Malah kadhung dideleng, ubarampene/weragade akehan tepak nyelameti kebonan ketimbang nyelameti sawah.
   Selametan kebonan digelar saben ulan Aji lan ulan Sura, dinane kang pasthi dina Minggu polahe anak lan putune makene padha teka lan milu kauman selametan.
   Ubarampene/weragade
1. Tumpeng Pecel
2. Tumpeng serakat
3. Sego golong
4. Jenang abang
5. Jenang lemu
6. Jajan pasar
7. Kupat & lepet
8. Kembang setaman
9. Pitung tawar
10. Godhong kayu kaputren (Kayu Sulastri)

   Kelasa digelar ring kebonan, aju kabeh milu lungguh, dikawiti donga njaluk kesalametan nang Pengeran.
   Dene nang sawah sedurunge tandur, ana hang diarani Labuh nyingkal. Selametan ngawiti arepe tandur.
   Cara tetanen pari wong Using miloni pirangane laku. Kawitan ana Mecah Galengan, Nambaki, Nyingkal. Bumi diwolak-walik. Pecake damen diwaliki. Ana istilahe, sawah Malik Damen. Yaiku sawah hang ulih banyu terus. Nandur pari hing tau dieleti tanduran liya kaya jagung tah gadhel, merga banyune ajeg ana sedawane taun. Buru panen, damen diwaliki aju tandur maning.
   Nyingkal wis marek, ana Ngelowed, buru Neter, disusul Ngeremponi, lan hang pungkasan Arag-Arag.
   Kedhokane siyap, aju winih hang didhedher ring Uritan, dhuwure sepira? Ana Ndhengkul Siji, ana Ndhengkul Loro. Njuwut winihe sak Tempah, sak Werekis tah sak Pikul.
   Tepak Tandur ana Njiwir, Suwel, Sipatan lan engkone Nyulami.
   Marek Tandur magih ana Matun, Rabas Galeng, Ngemes, Nyemprot lan Ngeleb. Sekendi umure pari? Tandur, Gemundha, Meteng, Melecuti, Ngisi, Bangcuk sampek Kuning. Pokoke aja gabug. Dhung gabug parine hing bisa dipadhang. Donya bisa peteng.

Redaktur menerima berbagai tulisan, kirimkan tulisan anda dengan mendaftar sebagai kontributor di sini. Mari ikut membangun basa Using dan Belambangan.


Editor: Hani Z. Noor