Selametan Suroan Hing Mesthi Tanggal 1
Antariksawan Jusuf (dipublikasikan pada Rabu, 17 Juni 2026 07:39 WIB)
- Laporan
Wis turun-temurun wong Using Banyuwangi mapag tekane ulan Suro, paran maning wong hang Muslim. Merga tanggal 1 Suro iku ketepakan ambi taun anyar kalender Islam 1 Muharam. Hang dudu wong Muslim ya milu ngerayakaken Suro-an liwat keyakinane dhewek-dhewek.
Ceritane Kang Usik sesepuh ring Dukuh Talunjeruk Desa Glagah, ring tanggal 1 ulan Suro, wargane padha nggelar selametan.
Dene ubarampe sukurane mesthi ana hang dicawisi kayata: jenang Suro, tumpeng serakat, jenang abang, jenang panca warna, sega golong, tumpeng pecel, damar kambang, banyu arum, gedhang emas lan kembang wangsa/kenanga lan pengasepan.
Wong Using kampung Dukuh Talunjeruk Desa Glagah nalika tanggal 1 Suro bareng-bareng ngerayakaken sukuran ning ngarepan umahe dhewek-dhewek.
Kanggone wong hang duwe kepercayaan Kasunyatan/Kejawen sakwise iku saben malem Jemuwah lan Senen nggelar selametan dhewek-dhewek sampek enteke ulan Suro.
Hing mung tanggal 1 Suro, wong-wong iku milih bengi hang sakral kanggone iyane dhewek.
Lan ubarampe tasakurane mesthi ana: jenang suro, tumpeng sega gurih hang iwake pitik jago putih mulus (kuku sikile lan cucuke putih, ring wulune hing ana werna liya kejaba putih lan cenggere hing ulih sumpel lan bisa kukuruyuk). Diolah nganggo ragi lembarang lan hang olah kudu wong wadon hang wis rijig (hing duwe dhayoh ulanan maning).
Arti lan tujuwan ritual upacara adat Suro-an kanggone wong Using yaiku ngeruwat sengkala balak belahi supaya ilang .
"Kadhung kanggone kepercayaan Kasunyatan sejati uwis malem Rebo iki lan tasakurane jam siji mau bengi," jare Kang Usik.
Utamane kang duwe warung, duwe rawatan sapi lan sak pinunggalane, nggelar selametan malem Senin lan malem Jemuwah sampik ulan Suro pungkas.
Redaktur menerima berbagai tulisan, kirimkan tulisan anda dengan mendaftar sebagai kontributor di sini. Mari ikut membangun basa Using dan Belambangan.