Semaan Ngawang Quran Kanggo Dina Kemerdhekaan
Antariksawan Jusuf (dipublikasikan pada Selasa, 19 Agustus 2025 07:45 WIB)
- Laporan
Semaan Ngawang Maca Quran Kanggo Dina Kemerdhekaan
Masjid Agung Baiturrahman Banyuwangi sakat 20 taun kepungkur nganakaken Semaan Al-Quran bilghoib utawa ngawang maca Quran 30 jus, kanggo mapag dina-dina hang dipengeti dadi dina penting. Embuh iku hang ana gandheng rentenge ambi kegiyatan agama utawane kegiyatan gedhi kanggone dina penting bangsa lan negara. Kaya dina Sabtu sore (16/8) uga dianakaken Semaan Al Qur'an bilghoib sakat mari kuliyah subuh sampek ataman engko sorene ngarepaken magerib.
"Kegiyatan iku kanggo mapag dina penting yaiku mengeti hang kaping 80 taun anane Proklamasi Kemerdekaan Negara Republik Indonesia. Isun lan Rika wajib sukur nong Pengeran. Kerana berkat rahmate, cita-cita perjuwangan para embah buyut bisa kewujud. Yaiku rahmat kemerdhekaan. Kelawan kemerdhekaan, bangsa Indonesia bisa namtokaken pandom kebijakan pembangunane kanggo anak putu. Mula, Isun lan Rika hang kari bisa munyik lan bisa sekolah, ngaji, mangan, turu, ibadah lan megawe kelawan ayem kerana negara Iki wis merdheka. Mulane, kadhung lali sukur, ya bakale diadab ambi Gusti Alloh. Lha...Semaan iku minangka kanggo nambah-nambahi sukur dene Isun lan Rika urip ring negara tenterem. Lamuna urip ning Palestina kelendi? Sedawane taun nana aman- amane," abane Ketua Yayasan Masjid Agung Baiturrahman Banyuwangi, H.Ach.Nur Qomari, nalika ditemoni belambangan.com ring sekretariyate dalan A.Yani 78 Banyuwangi.
Pangsiyunan dhosen iku ngengetaken ning generasi enom-noman supaya seregep sinau lan ibadah. Lan sing kalah pentinge, njumbulaken jiwa patriotisme hang jeru kanggone bangsa lan negara Indonesia. Kadhung using, jare juragan kelapa iku, negara diuthik-uthiki bangsa liya hang sampek seperene kepingin ngerebut NKRI liwat macem-macem cara lan kesempatan.
"Ana hang liwat galur penyelundupan narkoba, penyelundupan senjata, ngirim mata-mata, ana uga hang arep ngerebut NKRI liwat adu-adu tokar padu, hang pungkasane bisa tokaran sak padha-padha bangsa. Hang keplok sapa? Ya hang duwe niyat ngerebut negara. Hang budhuh sapa? Awak-awake dhewek Iki. Mulane ayo ibadah hang patheng, sinau hang temenanan, megawe hang jujur lan ibadah hang lair batin," ajake Kang H.Qomari hang alamat umahe ring dalan MH.Thamrin Singotrunan iku.
"Sakat kepengurusan yayasan lan takmir, isun lan kanca-kanca jamaah nyacak ngelestarekaken maca Quran ulihe wakap teka jamaah pisan, saben mari sembayang bedhug lan sembayang ashar. Kelebu uga saben mari sembayang Jumatan. Perlune, supaya Quran-Quran hang ring bupet-bupet iku bisa kewaca. Sing mung dienggo pajangan. Siji, hang wakap dhemen atine, ulih keterembesan ganjarane uwong maca Quran. Isun nyampekaken kesuwun kanggo jamaah hang uwis tau ndeleng wakap Quran. Hang durung, ayo masang niyat kanggo wakap Quran lan wakap-wakap liyane," jare koordinator Semaan Al-Quran, Ustad Rifai hang sabendinane dadi imam sembahyang bedhug lan ashar uga mulang ring Madrasah Diniyyah Baiturrahman.
(Kang Ujik)
Redaktur menerima berbagai tulisan, kirimkan tulisan anda dengan mendaftar sebagai kontributor di sini. Mari ikut membangun basa Using dan Belambangan.






