Seminggu Buku Using: Juger-Juger Basa Using

Antariksawan Jusuf (dipublikasikan pada Sabtu, 06 September 2025 06:59 WIB)
- Opini



Seminggu Buku Using: Juger-Juger Basa Using

Kanggone wong hang kerep maca  belambangan.com (bdc), artikel-artikel hang dikelumpukaken ring bukuJuger-Juger Basa Using (JJBU) iki mesthi akeh hang wis maca. Mula ana pirangane artikel hang njumbul ring majalah Lontar taping suwi-suwi ya njumbul pisan ring bdc.
   Ring antarane wolung buku hang dipeleciraken tanggal 6 Sep iki - Kumpulan Cerita Cendhek 11 Taun garapane Nur Holipah, Lembayung Sak Unting garapane Satriya Pujangga, Agul-Agul Belambangan cetakan kepindho garapane Moh. Syaiful, Lilin lan Lintang garapane Wahyu Rizki , novel garapane Kang Ujik Ontrang-Ontrang Langit Payaman, Kumpulan Cerita Cendhek Mulih garapanisun, JJBU iki hang siji-sijine dudu kategori apen-apen (fiksi).
   JJBU iki minangka artikel hang mbeliyaki basa Using kelawan cara hang populer, entheng lan gampang dingerteni.
   Buku basa Using hang ana, teka Pak Hasan Ali lan asil penelitiyane wong-wong liya, emeh kabeh sipate tulisan ilmiyah.
   JJBU njugeri paran-paran hang sasate durung tau dibahas ring kono.
   Sipate wong juger-juger, kadhang kerasane nemu barang hang dianggep rencek, hang kaya hing mbejaji, naming kadhung diemataken ya penting, kayata:
1. kelendi nulis Alloh kadhung nganggo pelanggeran hang bener.
2. partikel -tah, cumpune ring basa Using hing mung partikel. Iki durung diatur ring bukune Pak Hasan
3. Uwahe uni hang disebut paragog, epentesis lan liya-liyane.
4. Pengaruh gedhe teka Java Instituut nong budaya Banyuwangi. Sejarahe gandrung wadon ditemokaken ring kene. Gandrung kawitan njelajah Jawa ya merga instituut iki. Gendhing-gendhing gandrung dicathet nganggo aksara Latin ya ning kene.
5. Pengaruhe basa-basa liya ring basa Using.
6. Ucap-ucap Using hang merujuk ring desa
7. Ucap-ucap hang ilang keterak jaman
8. Woh-wohan lan barang-barang lawas hang ilang.
9. Ditambahi ucap-ucap lawas teka R. Soedira lan R. Binata.

   Artikel-artikel iki mula hing saben minggu ana ring belambangan.com. Malah kadhung hun pikir-pikir lebih akeh minangka artikel hang sipate kadhung... kadhung sing ana berita hang ketanggor wektu buru bisa metu. Artikel basa Using iki mula sing kepuket waktu. Bisa metu kapan bain, bisa diwaca kapan bain.
   Buku iki dadi penting kanggone wong-wong hang nyinaoni basa Using utawa mahasiswa-mahasiswa jurusan bahasa hang arep golet ide dienggo penelitiyane.
   Mayo gancang diwaca.

Redaktur menerima berbagai tulisan, kirimkan tulisan anda dengan mendaftar sebagai kontributor di sini. Mari ikut membangun basa Using dan Belambangan.


Editor: Hani Z. Noor