Seminggu Buku Using: Lilin lan Lintang

Antariksawan Jusuf (dipublikasikan pada Sabtu, 30 Agustus 2025 07:13 WIB)
- Laporan



Seminggu Buku Basa Using: Lilin lan Litang

Ater-ater: Tanggal 6 September engko, ana wolung buku hang arep dipeleciraken. Seliyane Lilin lan Lintang iki ana pitung buku liyane yaiku Kumpulan Cerita Cendhek 11 Taun garapane Nur Holipah, Lembayung Sak Unting garapane Satriya Pujangga, Agul-Agul Belambangan cetakan kepindho garapane Moh. Syaiful, Ngutugi Ati kumpulan gurit garapane Ansorik, novel garapane Kang Ujik Ontrang-Ontrang Langit Payaman, Kumpulan Cerita Cendhek Mulih lan kumpulan kolom basa Using Juger-Juger Basa Using garapane Antariksawan.
   Kelawan ati mongkog lan girang, isun nampa buku kumpulan cerita cendhek basa Using Lilin lan Lintang anggitane Wahyu Rizki.
      Wahyu Rizki, hang dadi guru SD, mula kreatip masiya uripe ring desa, gedhi kekarepane kanggo nguri-uri basa Using. Ring antarane wektu ngurusi murid-muride ring sekolah lan basa Using, iyane magih gelem nulis cerita hang idhene teka uwong-uwong sak ubengane. Donya hang ana ring ngarep matane. Iyane girang weruh ana belambangan.com hang gelem nampa lan nerbitaken cerita cendhek nganggo basa Using. Taping hing mandheg semono. Ana Lomba-lomba nggawe cerita anak teka Balai Bahasa Jawa Timur ya dipiloni.
   Wahyu Rizki hang meneng, hing gelem berak-berak gok iyane wis milu njejegaken basa Using tulis, hang penting dadi tandha jenggirate basa Using. Hang diduduhaken karyane kaya Lilin lan Lintang uga Barong Cilik hang diterbitaken Balai Bahasa Jawa Timur taun 2024.
   Ring derese arus globalisasi hang ngantem budaya lokal kelebu basa dhaerah, anane buku Kumpulan Cerita Cendhek iki nduduhaken sugihe budaya lokal hang bisa dititeni minangka bagiyan identitas bangsa.
    Saben-saben cerita ring kene nggawa kisah hang apik, lucu kadhang ngenes, naming uga nduduhaken nilai lan teradhisi wong-wong Banyuwangi.
   Wahyu Rizki iki nganggit tulisan-tulisane teka njero ati, ngeronce ucap hang bisa nggawa wong hang maca ngeleboni donya teradhisi hang bisa bain durung tau dirasakaken.
   Isun percaya kelawan anane buku iki, wong hang maca bisa milu ngerasakaken gok nguri-uri basa dhaerah iku penting lan perlu diregani.

Pethiken belungking hang rasane manis
Jaganen basa Using kelawan nulis



Redaktur menerima berbagai tulisan, kirimkan tulisan anda dengan mendaftar sebagai kontributor di sini. Mari ikut membangun basa Using dan Belambangan.


Editor: Hani Z. Noor