Seminggu Buku Using: Mulih
Antariksawan Jusuf (dipublikasikan pada Jumat, 05 September 2025 06:53 WIB)
- Opini
Ater-Ater teka Dr. Wawan Setiawan
LALARE NANG DESA KELAIRAN LAN SEDULURAN
Maca ceritane Kang Antariksawan Jusuf iki nggarai seru kepingin mulih nang desa kelairan. Mambu tanah lan hawane kaya-kayaa nalika maca cerita-ceritane iki isun nang warung kopi nulih kiwa tengen ana kedhokan lan kebonan. Manuk kepodhang nyapa teka wit-witan kelapa. Wis tah pokoke aja dibusek wis kenangan iki.
Masiya ana lanang wadon hang arep nyabrang Selat Bali teka Gilimanuk nang Ketapang gesah nang kapal ferry dongenge Damarulan Minakjinggo aju nang cerita lanjut ambi Imik kadhung tanah kebonane wong tuwek wis entek ditukoni embuh sapa bain wih uwonge pokoke warisane iku wis entek, ceritane hang judhule "Midah lan Nanang" diterusaken cerita "Midah, Nanang, lan Imik".
Lare wadon kecaruk dhemenane hang buru mulih teka Landa iki arepe nikahan mau megawe nang Bali njaga restoran. Imik ya gedigu hang nggabung gesah.
Durung maning cerita hang dadi judhule buku iki, "Mulih Ngulon". Nyeritakaken lare lanang hang hing sengaja mateni uwong aju iyane dadi buron. Lare iki melayu "ngilang", marek nyabrang segara aju urip sak paran-paran, ketemu wong apik hang gelem nulung. Taunan megawe nang tanah boroan ambi gemi nabung karepe dienggo sangu mulih lan nyenengaken atine emake. Nalika Lebaran, wis sampek umahe, kecaruk emake. Naming hing weruha emake wis mati. Hing ana kabar. Gedigu endinge cerita cendhek hang dadi judhule kumpulan cerita iki.
Cerpen-cerpen basa Usinge Kang Antariksawan sugih pelukisan karakter-karakter aseli masarakat Using. Jamane magih lare-lare bengen kerekam rapi nang deskripsi-deskripsi latar, dialog usingan, karakter-karakter tokoh. Magih enget kanca Banyuwangi tahun 1960an ambi Man Mustapa hang dodolan obat nang pasar Banyuwangi. Atraksine kadhang nggawa ula. Tokoh aran Udik nang cerita "Udik Kempong" wis diaruhi emake dipenging ndeleng Man Mustapa. Larene tambeng, mulih sekolah, lali pesene emake. Jare emake, Man Mustapa bisa ngilangaken peringsilan ambi lare tambeng. Nalika enak-enake ndeleng ula sawa mau, Udik buru enget wekase emake, lare tambeng gancang mulih ambi nyekeli seruwale. Eh magih ana, aman wis.
Bener hang ngomong mbalik nang donya teradhisional ambi nilai-nilaine keneng dienggo ngadhepi pengaruh donya modheren/teknologi hang kadhangane nggawe lali ambi kepribadian asli/sak durunge.
"Gelundung Gempung" judhul cerita iki. "Gempung" artine "gosong" kulite kakehan nang panasan nguber layangan pedhot. Emake njaluk tulung nukokaken lobok hing direken, hing wedi ambi emake. Ditinggal nguber layangan sampek awake cemeng. Bapake dadi tukang batu nang Bali, sak ulan sepisan mulihe. Ya iku karaktere Gelundung.
Yaiku, teka judhul-judhule cerita wis katon bangunane karakter, istilahe "karakterisasi". Conto liyane kaya "Nanang Porak" (korengen), "Nur Genthong" (wetenge jedut), "Rohim Pethak" (endhase mari buncur), "Gelundung Gempung" (kulite cemeng delenges), "Udik Kempong" (pipine cowong). Kabeh iku ana unsur wadanan ambi karakter tokoh. Teka judhule wis katon kira-kira karaktere kelendi.
Ceritane ana hang judhule arane tokoh dhewekan, taping ana maning cerita hang judhule gandheng ambi judhul cerita sak durunge. Yaiku jare penulise setemene arepe nulis novel taping kok dadine kumpulan cerita cendhek.
Cerita-ceritane Kang Antariksawan ngangkat romantikane kelas bawah, buruh umbah-umbah, tukang batu, pelayan restoran, buruh nelayan, hang katon teka wong-wong hang wetenge kelomen, golet picis cilik ngalor ngidul. Tapi ya gedigu, ana olahan hang dirageni guyonan (pahit).
Hang maca cerita-cerita iki, hususe warga Banyuwangi, hang sekolah adoh, hang merantau megawe, seru kepingin mulih, ngendhus tanah kelairan hang tau diidek.
Hang tetep domisili nang Banyuwangi, muga tambah mongkog ndeleng Banyuwangi hang terus berubah maju.
Ana pengarang arep nulis cerpen dadine novel, iku novel "Olenka" anggitane Budi Darma. Kadhung Kang Antariksawan ngakoni arep nulis novel dadine kumpulan cerita cendhek iki, "Mulih".
Surabaya, Juli 2025
Wawan Setiawan, cerpenis.
Redaktur menerima berbagai tulisan, kirimkan tulisan anda dengan mendaftar sebagai kontributor di sini. Mari ikut membangun basa Using dan Belambangan.