Seminggu Buku Using: Ngutugi Ati

Antariksawan Jusuf (dipublikasikan pada Rabu, 03 September 2025 07:16 WIB)
- Opini



Gurit Using Ngutugi Ati “nuntun njangkah nang keratone Gusti”, arep dipeleciraken tanggal 6 September engko. Seliyane buku Ngutugi Ati iki ana pitung buku liyane yaiku Kumpulan Cerita Cendhek 11 Taun garapane Nur Holipah, Lembayung Sak Unting garapane Satriya Pujangga, Agul-Agul Belambangan cetakan kepindho garapane Moh. Syaiful, Lilin lan Lintang garapane Wahyu Rizki , novel garapane Kang Ujik Ontrang-Ontrang Langit Payaman, Kumpulan Cerita Cendhek Mulih lan kumpulan kolom basa Using Juger-Juger Basa Using garapane Antariksawan.
   Saktemene kumpulan gurit Using iki sun tulis kanggo mujudaken angen-angen hang wis suwi kependem ning jero ati. Seperene isun kerep ndeleng sunare ulan hang bisa nguwoh impenan. Kaya dene kang sun rasakaken tepak ning pondhokan. Ati iki dituntun kelawan islam, iman lan ihsan. Masiya tawis kadhang sekabehane iku kudu dipaksa lan ngerasa kelaran. Tapi iki wis dadi dalan hang kudu dilakoni sampek ngadhep nang keratone Pengeran.
   Budaya  using iki kaya dene bungkuse agama, kadhung bungkuse iki bisa ngerungkubi islam, iman lan ihsan bisa dienggo tengerane dalan ning karetone Pengeran makene njangkah sing ketebal-tebal.
   Ring gurit iki kang Hasan Basri ketua Dewan Kesenian Blambangan ngibarataken lemah Banyuwangi hang dadi lemek ibadah nang Gusti Alloh, kaya dene cuwilane suwarga hang temebluk nang lemah Banyuwangi. Merga salah siji tengerane ana ring kumpulan gurit Ngutugi Ati iki.
   Moh. Syaiful ngibarataken isun sedinane urip nong pondhok lan guthekan ibarate manggon ana ring kobokan. Panggonan cilik hang adhem hang bisa nguripi karya-karya sasterane mecukul saban dina kayadene cukulan hang bisa dadi sembarang-barang akeh paedahe. Pondhokan lan guthekan bisa dadi panggonan cilik hang adhem kaya kobokan hang bisa terus merujukaken karya-karyane.
   Gurit Using iki sun tulis merga ana wasiyate mbah buyut bengen “Hun titipena winih ning njero dhadha muga. bisa dirawat lan dijaga makene sing luntur masiya jaman wis kepungkur.”
 
Ansorik

Redaktur menerima berbagai tulisan, kirimkan tulisan anda dengan mendaftar sebagai kontributor di sini. Mari ikut membangun basa Using dan Belambangan.