Seminggu Buku Using: Ontrang-Ontrang Langit Payaman

Antariksawan Jusuf (dipublikasikan pada Jumat, 29 Agustus 2025 07:38 WIB)
- Laporan



Seminggu Buku Using: Ontrang-Ontrang Langit Payaman

Novel Basa Using Ontrang-Ontrang Langit Payaman garapane Kang Ujik, dadi salah siji teka wolung buku nganggo basa Using hang arep dipeleciraken dina Sabtu, 6 Sep 2025 ring Nidom Coffee Station dalan HOS. Cokroaminoto ngarepe Dinas Sosial Banyuwangi.
   Pitung buku liyane yaiku Kumpulan Cerita Cendhek 11 Taun garapane Nur Holipah, Lembayung Sak Unting garapane Satriya Pujangga, Agul-Agul Belambangan cetakan kepindho garapane Moh. Syaiful, Ngutugi Ati kumpulan gurit garapane Ansorik, Kumpulan Cerita Cendhek Lilin lan Lintang garapane Wahyu Rizki, Kumpulan Cerita Cendhek Mulih lan kumpulan kolom basa Using Juger-Juger Basa Using garapane Antariksawan.
   Nalika ditakoni Ontrang-Ontrang iku paran? Merga ring kamus basa Using cetak lan jero kawat (daring) sing ditemokaken, Kang Ujik nyemauri: "Ontrang-Ontrang iku artine nana gawe, golet gawe pungkasane dadi gawe. kadhung ana hang ngomong, setemene Ontrang-Ontrang iku salah, hang bener iku Ontran-Ontran. Ya paran jare hang mahami. Hang jelas isun ngerteni kadhung Ontran-Ontran iku ucap basa Jawa hang artine huru-hara utawa keruwedan hang gedhi. Wis. Seteruse pikiren dhewek paran iku Ontrang-Ontrang, Ontran-Ontran, Untring-Untring lan Ontrang-Antring," abane Kang Ujik nyemauri pitakonane Belambangan.com.
   Apuwa gok njuwut latar cerita ring Payaman? Nalika taun-taun 1967-an gedigu, Kang Ujik kerep diejak melaku nyang Banjarwaru nyerobot liwat Payaman. Taun semono, dalan ngulon elore mesjid Giri iku werane mung rong meteran gedigu. Sekira ring perengan elor Puthuk Giri dalane kepedhot kalen. Ring kidul lan elore dalan iku bengen padha-padha ana kalene. Taun 1970-an awal, anange (Syech Moh.Ali bin H.Abdul Karim) kawin maning ambi perawan Payaman lan netep sampek ninggal ring Payaman kana. "Lha...Isun koncar-kancir ngeledreg merana ambi golet poh. Kadhang ya ambi nyuwun dodolan gedhang goreng. Payaman iku setemene asal teka Payeman. Papan ayem. Ilate uwong Using kadhung ngucap ayem kerungune ayam. Gedigu ceritane anang ning Isun," jare Kang Ujik.
   Kadhung ngenengi masalah cerita, setemene kang Ujik iku nyimpulaken cerita hang anjerah kedaden ring endi-endi panggonan. Utamane hang ana ring Banyuwangi. Ringkes ceritane gedigu: Nalika Jurik lare Pereng Puthuk Giri arep dinikahaken ambi Sumik perawan Payaman, ana lare lanang hang bengen-bengene ndhemeni Sumik. Arane Apidik. Taping sedurunge ngomong dhemen, Apidik minggat nyang Bali nggolet pegaweyan. Wis taunan ulihe urip ning Bali tanpa ana kabar. Apidik kalah gancang pungkasane kepikiran lan lara ngenes. Kancane Apidik hang aran Makmun karepe nulungi Apidik, naming nganggo cara hang salah. Makmun nyacak mbalesaken lara atine Apidik nganggo ilmu sihir arep nyelakani Jurik lan Sumik. Kawit-kawitane cerita iku aju njelembret sing kakaruwan Sampek gawe kisruhe Payaman. "Lha...kepingin pungkas ngeweruhi ceritane, ya tukuwa bukune!" abane Kang Ujik mungkasi gesah Ambi Belambangan.com.
   Novel Basa Using Ontran-Ontrang Langit Payaman iku sak liyane wis dikoleksi para Pejabat Pemkab Banyuwangi, para guru lan pengurus DKB, dadi bahan penelitian dosen UNEJ liwat  Dosen Akhmad Taufiq lan uga digawa nyang Landa ambi Prof. Doktor Ben Arps, dosen Universitas Leiden.

Redaktur menerima berbagai tulisan, kirimkan tulisan anda dengan mendaftar sebagai kontributor di sini. Mari ikut membangun basa Using dan Belambangan.


Editor: Antariksawan Jusuf