(Seminggu Ngomongaken Boom) Lebaran lan INKAI
Antariksawan Jusuf (dipublikasikan pada Sabtu, 09 Agustus 2025 05:37 WIB)
- Opini
Dulur-dulur desa hang tekane rombongan nunggang perahoto utawa kol buntung, nalikane padha mulih akeh hang nyangking kembang pelethesan. Wujude kaya landhak kadhung diterak angin gemelundhung ring sedawane pesisir Boom. Setemene iku kembange wit suket hang urip ring pasire Boom.
Adate lare-lare anter-anteran nguber lan rebutan. Apuwa diarani kembang pelethesan? Merga kadhung garing temenanan diobong muni kemelethes-kemelethes kaya mercon pungkasane.
Taun-taun ngarepaken 1970-an gedigu ngepasi lebaran ana udan angin. Jare taretan telok lemak, ana palaktaun. Jare basa saiki Puting Beliung. Aja takon muyeke uwong hang magih ana ring boom.
Akeh uwit-witan hang melamuk sak oyode. Seng kandel hang dienggo genthenge Bank Bumi Daya muluk kaya layangan pedhot. Dhuwur, sampek kaya kertas karbon.
Embuh merga ana parane, aran Boom magih njangget ring ati. Kerana akeh cerita hang magih kesangsang ring lakune Kutha Banyuwangi.
Taun 1980-an, isun magih lungguh ring bangku SMPN 1 Banyuwangi. Kancanisun sak bangku hang aran Sony Prasetyo milu kegiyatan INKAI hang nalika iku jare milu ujian kenaikan ban ring gedung PMI ngarepe Kodim 0825.
Kerana sampek soren Tim Pengujine hang teka Surabaya sing teka-teka, kabeh anggota diejak melayu-melayu sampek nggadug pesisir Boom lan sampek nyaberangi muara mburine Kantor Bea Cukai.
Wis diengetaken ambi dulur nelayan kadhung sedhela engkas banyune lampeg. Kerana hang ngengetaken potongane kaya uwong sing duwe, sing dirungokaken ambi rombongan INKAI iku.
Serta wayahe balik teka pulau Santen, muara mula bener pasang. Kelawan ati sombong para pelatih lan anggota INKAI iku nyaberangi muara. Cumpu pasir hang diidek kegawa arus. Dadine ya padha gelimpangan, ucul teka cekelane kanca siji lan sijine. Tambah-tambah akeh hang sing bisa ngelangi.
Kedadeyan iku ngepasi ngarepaken magerib. Saya suwi langite saya peteng lan akeh korban mati kala semono kelebu kancanisun sak bangku iku hang umahe ring Lateng elore pertelon langgar Kyai Saleh.
Isun nalika iku milu Tim Poli nganakaken pertandhingan persahabatan ambi remaja Kalipuro. Uwong sak kampung Kerantigan muyek dikira isun katut korban INKAI. Kerana omongan hang ana, dudu golongane INKAI taping lare-lare SMPN 1 Banyuwangi padha keli ring Selat Bali.
Aran-aran korbane ditulis ring tugu INKAI hang seperene ana ring Boom.
Ana maning cerita hang ana jeluntrunge ambi masalah kasiyate banyu segara. Adhikisun taun 1972 magih bayi duwe lara watuk. Jare ana hang ngomong keneng sawan sengket. Kudu digawa ring Boom lan diusap nganggo banyu segara. Naming nggawane nyang Boom kudu durung ana uwong hang nyulungi teka ning Boom. Bek, jam loro isun diejak apak nggawa adhik ngusap bun-bunane ambi dhadhane nganggo banyu segara. Ya alhamdulillah, aron. Sampek seperene adhikisun wis nduwe putu.
Redaktur menerima berbagai tulisan, kirimkan tulisan anda dengan mendaftar sebagai kontributor di sini. Mari ikut membangun basa Using dan Belambangan.