Seri Basa Using Lawas: R.Soedira (7)

Antariksawan Jusuf (dipublikasikan pada Rabu, 14 Juni 2023 07:43 WIB)
- Kolom Bahasa Using



Cathetane R. Soedira 1920 (W74-01-7)

Ater-ater:

R. Soedira nulis ucap-ucap basa Using pirangane jilid taun 1920. Aju, makene bisa diwaca wong akeh, belambangan.com ngetokaken isine sithik-sithik.

Ejaan lan keterangan wis ngeliwati proses suntingan. Umpamane: oe dadi u, tj dadi c, dj dadi j, j dadi y, awalan h dadi ilang. Keterangane teka basa Jawa dadi basa Indonesia. Tandha titik ring ngingsore ukara d/t dadi dh/th. Keterangan kr (krama) dadi besiki. Dene conto ukarane dijuwut teka aseline, mulane magih kecampur basa Jawa sithik. Urutan ucape plek ketiplek njuwut teka manuskrip hang ana 10 jilid.

 

kathak: daki, yaitu kotoran tanah yang lengket di kulit.

Si Taman iku males adus, mulane kotoran kang ana ring gulune dadi kathak.

kaju: heran, tentang orang yang baru tahu barang yang belum pernah ia temui.

Si Kasim iku menyang bum (segaraa) mbeneri (tepak-red) nemoni (methuki) ana kapal silem buru teka, ulihe kaju kari temenan.

karang-ulat: artinya titip rumah untuk dilihat-lihat.

Pak Karsa warah nyang tanggane (mak Tara): Isun karang ulat umah, saiki isun arep budhal nyang sawah.

kasuttan (kasut): yaitu nama alat tukang batu terbuat dari kayu untuk meratakan adukan.

Si Dul iku masang luluhe umah gedhong dirata nganggo kasut.

krahang: istilah untuk anak yang suka minta-minta.

Si Martam iku pancene krahang (cluthak), yen (kadhung-red) kancane katon duwe panganan terus dijaluki. Krahang=rakus.

kadine: makanya, untuk arti maido (menyalahkan/menegur-red).

Si Harun lan Si Jamin tukar prakara main lintrik, bapake Harun teka nuli (lantas-red) celathu: kadine wong iku aja dhemen main, mundhak (gulakane-red) sing diprecaya ring wong liya.

kadhung: apabila, untuk mengingatkan.

Isun kadhung arep megawe paran bae (bain-red), sadurunge dilakono kudu dipikir sulung.

kauk: bersorak, yaitu suara yang keras.

Ring tegal (alun-alun) ana suwarane wong kauk, bareng sun parani ana wong gitikan.

kapengkok: 1. Kapregok, yaitu untuk orang yang berjalan (berlari) lantas berhenti.

Uni bengi ana maling melayu ngetan kapengkok wong rondha kampungan.

                2. keinginan yang mendadak.

Si Kasan diajak Si Samud menyang alas ngamet kayu bakar, Si Kasan sing sanggup, sebab ulihe ngajak kapengkok (dadakan).

 

 

Redaktur menerima berbagai tulisan, kirimkan tulisan anda dengan mendaftar sebagai kontributor di sini. Mari ikut membangun basa Using dan Belambangan.


Editor: Hani Z. Noor