Seri Basa Using Lawas: R.Soedira (8)

Antariksawan Jusuf (dipublikasikan pada Kamis, 15 Juni 2023 08:42 WIB)
- Kolom Bahasa Using



Cathetane R. Soedira 1920 (W74-01-8)

Ater-ater:

R. Soedira nulis ucap-ucap basa Using pirangane jilid taun 1920. Aju, makene bisa diwaca wong akeh, belambangan.com ngetokaken isine sithik-sithik.

Ejaan lan keterangan wis ngeliwati proses suntingan. Umpamane: oe dadi u, tj dadi c, dj dadi j, j dadi y, awalan h dadi ilang. Keterangane teka basa Jawa dadi basa Indonesia. Tandha titik ring ngingsore ukara d/t dadi dh/th. Keterangan kr (krama) dadi besiki. Dene conto ukarane dijuwut teka aseline, mulane magih kecampur basa Jawa sithik. Urutan ucape plek ketiplek njuwut teka manuskrip hang ana 10 jilid.

 

kampak: 1. Nama wadung kecil.

Si Sarmin menyang pasar tuku kampak.

                2. begal, merujuk pada perbuatan jahat mengambil barang orang dengan paksa.

Pak Salam iku diklonthong, dieringaken polisi kadakwa dadi kampak.

kintel: nama alat tukang kayu.

Si Mariyun nggawa kintel kanggo ngelusi kayu sirap.

Kintel= pasah

kicir: bubu, alat untuk mencari ikan di sungai terbuat dari bamboo yang dianyam mirip kerai, bentuknya bulat memanjang.

Isun uni bengi masang kicir ring kali nganggo umpan (pakanan) ucus pitik.

kluwung: 1. Nama binatang sejenis kalamangga.

                2. istilah untuk anak.

Si Marta iku anake mung 3 (1,2,3). Kang nomer 1 lan 3 mati, kari kang nomer 2, iku diarani Kluwung (lare kluwung).

Kuwat:

                1. Si Marsim iku bengiyen sing duwe kesenengan paran-paran, balik saiki kuwat main lintrik.

                2. kuwat berarti bertenaga.

Si Darma iku yen (kadhung-red) diajak njunjung-junjung (mikul) barang abot kang mesthine dipikul wong loro, Si Darma kuwat mikul ijen (dhewek-red).

kolok: bisu, yaitu anak (orang) yang tidak bisa bicara.

Si Karim iku kolok, yen (kadhung-red) ngomong nuding-nuding nganggo tangan.

koled: lama, untuk menerangkan jalannya orang yang kakinya sakit.

Pun Basah punika yen (kadhung-red) melampah koled, awit suku (cekapah) kalih pisan sakit bubulen.

kuwung: disebut juga gowok, tempat burung bertelur yang dibuat dari bambu kira-kira dua ruas atau lebih, setiap ruasnya dilubangi.

Isun masang kuwung ring wite poh, saiki wis dipanggoni gelathik.

krucuk=mancung, nama bagian dari pohon kelapa.

Si Marsan iku menek kelapa ngamet kerucuk kanggo kayu bakar.

kuweleh: bosan, untuk menjelaskan kesenangan yang cepat berlalu.

Si Bakir iku dhemenane mbander gelatik nanging (naming-red) gelis kuweleh.

klonthongan=slonthogan: nama wadah yang terbuat dari usus sapi (atau kerbau) yg kering.

Si Sariyem iku tuku klonthongan ucus gawe ketemus.

kothol=jembangan: nama wadah untuk merendam tom yang dijadikan nila, bentuknya seperti kendhil terbuat dari tanah.

Isun mari ngiseni banyu ring kothol isi 2 ½ gembreng.

kuthung: patah.

Jajang teles iku sun enggo mikul banyu kuthung.

klendi: bagaimana, sebuah pertanyaan.

Si Sutab iku jarene lara panas, saiki klendi, apa wis aron?

kedad: kaki yang kaku.

Isun sore melaku ndharat adohe kira-kira rong pos, bareng teka ring umah suku karo pisan kedad, rong dina sing bisa melaku.

ketat: 1. lengket, menerangkan badan yang berkeringat dan sudah mengering.

Sedina iki isun akeh keringete, rasane awak kari ketat.

                2. ketat untuk pakaian.

Klambi kang sun enggo iki lengene kang kiwa ketat keneng banyune tape ketan.

kejlowok, kejluwuk: terperosok, untuk kaki yang masuk ke lubang.

Si Karta uni bengi menyang sawah, suku kang tengen kejlowok ring selokan.

 

 

 

 

Redaktur menerima berbagai tulisan, kirimkan tulisan anda dengan mendaftar sebagai kontributor di sini. Mari ikut membangun basa Using dan Belambangan.


Editor: Hani Z. Noor