Seri Basa Using Lawas R.Soedira (9-10)
Antariksawan Jusuf (dipublikasikan pada Jumat, 16 Juni 2023 07:59 WIB)
- Kolom Bahasa Using
Cathetane R. Soedira 1920 (W74-01-9/10)
Ater-ater:
R. Soedira nulis ucap-ucap basa Using pirangane jilid taun 1920. Aju, makene bisa diwaca wong akeh, belambangan.com ngetokaken isine sithik-sithik.
Ejaan lan keterangan wis ngeliwati proses suntingan. Umpamane: oe dadi u, tj dadi c, dj dadi j, j dadi y, awalan h dadi ilang. Keterangane teka basa Jawa dadi basa Indonesia. Tandha titik ring ngingsore ukara d/t dadi dh/th. Keterangan kr (krama) dadi besiki. Dene conto ukarane dijuwut teka aseline, mulane magih kecampur basa Jawa sithik. Urutan ucape plek ketiplek njuwut teka manuskrip hang ana 10 jilid.
klendhah: kelapa (buah kelapa).
Si emak menyang pasar tuku klendhah.
kedhuk: sendok nasi, terbuat dari kayu atau batok kelapa.
Pak Sana iku saben isuk menyang pasar adol kedhuk.
kedhigu (kediku): begitu.
Si Marsan iku saben-saben nyerimpungi wedhus, kang duwe (Pak Haya) weruh nuli (aju-red) celathu: Marsan, sira iku aja pati nyerimpungi wedhus kedhigu.
kedhigi (kediki): begini.
Si Wartam iku yen (kadhung-red) diwuruki itung lakune kediki, sing diturut ya wis salah.
kethot: uli, nama kue yang dibikin dari ketan dikukus, garam dan parutan kelapa lantas ditumbuk sampai lembut.
ketemben: tumben, itu merupakan kata sapaan pada seseorang yang lama tidak bertemu.
Si Sura nyang umahe Si Karta, Si Karta weruh yen (kadhung-red) Si Sura teka nuli (aju-red) celathu: Ketemben Si Sura teka merene.
kethem: genggam.
Si Tum iku ngethem picis rong sen.
kecindhilen: kedinginan, menerangkan orang yang terlalu lama disiram hujan.
Si Musin mulih teka ring kebonan diudani sampek kecindhilen.
kepaling: kesasar.
Si Musin mulih teka pasar liwat liya dalan, kepaling nyang liya desa.
kremi: gurem, kutu ayam.
Babon kang ngerem iku akeh kremine.
ketandhog: terbentur, menerangkan orang yang berjalan dan menabrak sesuatu yang lain.
Uni bengi damar ring umah mati, isun nuli (aju-red) tangi golet coret melaku ketandhog kursi.
kepus: basah.
Si Sariman mulih teka ring sawah kaudanan, penganggone sakujur kepus (gebles).
Redaktur menerima berbagai tulisan, kirimkan tulisan anda dengan mendaftar sebagai kontributor di sini. Mari ikut membangun basa Using dan Belambangan.