Cathetane R. Soedira 1920 (W74-01-3)
Ater-ater:
R. Soedira nulis ucap-ucap basa Using pirangane jilid taun 1920. Aju, makene bisa diwaca wong akeh, belambangan.com ngetokaken isine sithik-sithik.
Ejaan lan keterangan wis ngeliwati proses suntingan. Umpamane: oe dadi u, tj dadi c, dj dadi j, j dadi y, awalan h dadi ilang. Keterangane teka basa Jawa dadi basa Indonesia. Tandha titik ring ngingsore ukara d/t dadi dh/th. Dene conto ukarane dijuwut teka aseline, mulane magih kecampur basa Jawa sithik. Urutan ucape plek ketiplek njuwut teka manuskrip hang ana 10 jilid.
hendhok: taruh; menaruh; letak; meletakkan (ring kamus basa Using saiki ditulis andoh, -red).
Isun hendhok buku ring meja tulis.
Hendhane (endane-red): mungkinkah; apa benar begitu, untuk gagasan atau angan-angan.
Ing mangsa iki golek penggawean angel temenan, hendhane golek nyang pabrik gula apa ana pegaweyan kang kebukak?
hesek (esek-red): gundik atau gemblak, anak laki yang dipakai untuk bersenang-senang (diperlakukan seperti istri).
Si Kalsum iku heseke si Dul.
henteng (enteng-red): itu adalah harapan yang tidak terjadi.
Isun kongkonan tuku sega rawon mbeneri (pas-red) henteng.
hencit (encit-red): kain untuk kembangan, warnanya bermacam-macam ada yg merah muda, hijau, ungu dan lainnya.
Si Mariyam tuku hencit rupane kapuranta, bakal digawe kelambi.
hedheng-hedheng (edheng-edheng-red): pelan-pelan untuk menerangkan orang yang berbincang.
Si Karim iku yen (kadhung-red) ngomong kongkonen kang hedheng-hedheng sebab ana wong lara.
hendhep (endhep-red): rendah untuk menerangkan burung terbang.
Manuk Bence iku ibere hendhep. Bence=cendhet.
hamplok (amplok-red): gendong belakang.
Si Siman iku nangis, bareng (sarta-red) diupahi hamplok nuli (buru-red) meneng.
honjet (onjet-red): padi upah untuk petani yang ikut panen padi.
Si Maryam iku teka nggampung oleh honjet.
halak (alak-red): aduh, ucapan orang yang kaget.
Si Karim iku tangane disenget (entup) tawon kunir, sambate: alak larane.
hondhet-hondhet (ondhet-ondhet-red): ngundat-undat, tentang orang yang marah-marah menyebut barang yang terlanjur diberikan kepada orang lain.
Si Kasim dan Si Marsan padha padu arep tukar, Si Kasim ngondhet-ondhet awahe barang nyang Si Marsan.
hebuk (ibuk-red): artinya sampai lupa pada pekerjaan lainnya.
Si Barian iku saben dina memengan tembung, sampek sing ibuk nyang rawatane wedhus.