Setudhiyo Larasati, Panggonan Ngelaras Gendhing
Antariksawan Jusuf (dipublikasikan pada Selasa, 24 Juni 2025 04:00 WIB)
- Laporan
Setudhiyo Larasati, Panggon Ngelaras Gendhing
Kadhung ndeleng panggonane rada nyelempit melebu gang Durian, Sukorejo, Lemahbang Kulon, Singojuruh kayane setudhiyo Larasati iki hing ndayani. Taping ambekaneya buru melaku sakat 2023, setudhiyo iki wis ngasilaken 170 gendhing,
ceritane hang duwe, Kang Juwono, pangsiyunan guru SD hang uga wis koncar-kancir dadi panjak angklung lan kendhang.
Mula setudhiyo iki disiyapaken kanggo ngisi mangsa pangsiyune hang buru bain kelakon.
"Persiyapane wis sakat taun 2021, nyicil tuku iki tuku ika," jare Kang Ju. Seliyane ana gamelan kumplit, setudhiyone wis disokong peralatan modheren, kelebu mikset lan monitor kaca melengkung hang bisa nampilaken menu hang gampang diwaca produser merga kabeh wis digital.
Iki setemene hang dadi rahasiya hebate setudhiyo Larasati.
Ring kupinge Elvin Hendratha, hang duwe sanggar Joyo Karyo lan hang nulis buku Angklung Tabung Musik Blambangan, grup angklung hang larase paling bener iku Larasati.
Cumpune, merga Kang Ju maca bukune kang Elvin lan diterapaken nong perodhuksi gendhinge.
"Isun miloni bukune Elvin iku wis, slenthem ukurane semene, saron semene. Merga musik iku gelombang," jare Kang Ju.
Kuwate Kang Ju mituhu nyekel teori ring buku iku nggarahi Kang Elvin kaju. "Kang Ju siji-sijine wong hang maca bukunisun lan ngarti aju nerapaken teorine," jare Elvin. Dene grup musik ring sanggare dhewek sara dikongkon nerapaken hang kaya gedigu. Merga panjake akeh-akehe lare nom-noman hang cengkal warah-warahane.
Teka kira-kira 170 gendhing hang wis diperodhuksi, Angklung Caruk hang isine: Giro-giroan (wong ngarani gendhing isuk-isukan), Gendhing Angklung Caruk kabeh digarap sesepuh/pathole tabuhan caruk teka Alasmalang, Pasinan, Mangir, Bolot, Cawang, Banyuwangi.
Dene garapan Larasati dhewek ana 24 lagu, lan liyane ulihe cover lagune pencipta Banyuwangi.
Larasati disokong ring panjak hang hebat-hebat sak kabupaten Banyuwangi kayata Mulyadi (Cak Mul), kabeh werangkat angklung (selenthem, saron, angklung) Bolot Aliyan, Rogojampi. Ana Heru Kendang (angklung) Pasinan, Singojuruh. Aju Sutikno Kendang (angklung lan janger) Cibotok, Parangharjo Songgon. Ana Guntur Kendang (gandrung), Boyolangu, Banyuwangi. Ana Ilham Syaifullah (baolah gandrung) Mondoluko, Glagah. Aju Alif Maulana (baolah, suling, saron) Kepatihan, Kedaleman Rogojampi. Ana Adit (reong janger) Jajangan, Sumberbulu Songgon. Riyan (reong janger) Sumber Asri, Songgon lan Hariyanto Gendoh Sempu, Keyboard husus lagu-lagu kendhang kempul lan pop etnis.
Hing maido sangkletan lan alangan hang ana kadhung tepak bareng kundangan terob, leren nganteni panjak/sindhen/artis perei kundangan/tanggapan.
Kelawan merodhuksi rata-rata 50 gendhing setahune, Kang Ju wis kerasa cukup kanggo nguripi setudhiyone.
Kapanane tau ana wong Amerika hang dikenal liwat Pak Ikwan dosen UNEJ aju takon nang Dorik Glagah. Ambi Dorik dijujugaken ring Larasati, kerana nurut Dorik Larasati mula cocog dienggo rekaman gendhing-gendhing hususe angklung, merga gamelane wis nyukupi.
Redaktur menerima berbagai tulisan, kirimkan tulisan anda dengan mendaftar sebagai kontributor di sini. Mari ikut membangun basa Using dan Belambangan.






