Sewelas Taun, Buku Anyar Kumpulan Cerita Cendhek Basa Using

Antariksawan Jusuf (dipublikasikan pada Rabu, 01 Januari 2025 08:17 WIB)
- Laporan



Sewelas Taun, Buku Anyar Kumpulan Cerita Cendhek Using 

Ring bungase taun 2024, Nur Holipah, guru SMPN 1 Banyuwangi meleciraken Kumpulan Cerita Cendhek Sewelas Taun, hang diterbitaken Perpusda Banyuwangi arupa e-book.
   Holip, gedigu celukane penulis iki, mula dudu wong anyar ring donya sastra Using. Seliyane wis tau menang Lomba Nganggit Cerita Cendhek SKB, tulisane tau diterbitaken ring buku Jala Sutera bareng Moh. Syaiful.
   Iyane uga salah siji maestro hang dikongkon Balai Bahasa Jawa Timur kanggo nularaken ilmune nang lalare Banyuwangi sinau nulis cerita cendhek.
   Buku anyare bisa dieklik ring kene: https://ebookbanyuwangi.id/book/11-taun-kumpulan-cerita-cendhek-nur-holip/
    Ater-ater bukune unine gedigi: Bupati Ipuk Fiestiandani tepak ring acara meleciraken buku biografine pelukis Kang Yadi ngomong gok seni iku wis nong getihe (DNA) wong Banyuwangi. 
   Sakat bengene kahanan iki ya wis ditengeri ambi wong Landa P.J. Zoetmulder
ring bukune Kalangwan. Karya sastra (tulis) hang ditemokaken ring wilayah bekas kerajaan Belambangan abad 17-18 gayane beda ambi karya tulis hang ditemokaken ring wilayah Jawa liyane hang ceritane mung sak ubengane keraton. Sastra Banyuwangi nduwe ciri dhewek hang bisa dititeni yaiku nyeritakaken bab wong-wong biyasah ring njaba keraton.
    Karya sastra hang ditemokaken ring kawasan Banyuwangi ditulis ambi aksara carakan lan arab pegon.
   Aju sakuwise aksara Latin dikenalaken Landa ring kawitan taun 1900an, wong Banyuwangi kaya kimples lan buta hurup. Hing njumbul maning karya-karya sastra hang kaya bengen.
   Dadi kadhung dudu wong-wong hang duwe wigati nang basa Using sapa maning hang arep njejegaken karya tulis Banyuwangi? Wong hang wigati gelem nulis karya, wigati golet cara ngetokaken ekspresi liwat karya sastra.
   Aja kathik ngaku-aku duwe getih Using kadhung hing duwe karya kanggo Banyuwangi. Perei wis bentheng ceweng, rebut bucung, tukar padu sak duluran perkara-perkara cilik kanggo nduduhaken gok iyane getihe kang paling Using.
   Getih Using iku diduduhaken kelawan anane karya hang bisa nggawe arume aran Banyuwangi. Paran bain karyane, ring urusan paran bain, sak cilik-cilike pokoke dadi dalan kanggo nggawa ganda arume Banyuwangi.
   Basa Using minangka bagiyan budaya Using kudu akeh ditulis. Kaya hang disebut pepatah Latin, Verba volant, scripta manent, Hang mung diucap ilang, hang ditulis ana sakteruse.
    Iki wis kedadeyan, kaya hang ditulis ambi R. Binata taun 1927-1933. Wong Using sakat bengen wis serawung ambi wong liya lan gampang milu-milu kahanan hang ana.
   "Basa Jawa Banyuwangi iki akeh hang nyeliwah teka basa Jawa lugu, naming kadhung digathukaken magih akeh hang memper-memper. Akeh-akehe magih nganggo ucap-ucap basa Kawi. Saya suwi merga akeh wong njaba negari hang teka, saya rusak, sasate campur adhuk, sebab wong kono iku wateke dhemen tiru-tiru, nawi ana istilah anyar mangka bisa dianakaken, merga seru dhemene, kaya dene penganggo, masiya kurang pantes nyang uwonge, naming merga dhemen mau gampang nirokaken,  pokoke niru bain. Uga nong masalah omong-omongan lan liyane.
   Kadhung bab penganggone wong-wong Banyuwangi iki akeh hang nganggo kethu utawa celana dawa, dene hang nganggo iket ya mung wong ndesa hang kurang akeh serawungane. Bisa pisan saya suwi saya uwah seru kayadene basane."
  Mula untung seru lare-lare Banyuwangi hang ring keluwargane magih nganggo basa Using, kaya Nur Holipah iki.
   Paran bain hang dideleng lan dirungokaken, kari milih methik bisa didadekaken karya tulis, nganggo basa Using deles. Paran maning getih seni deres melakune merga anange ruwahe Anang Ajin, seniman angklung teka Bades Kabat hang tau ulih gambar angklung merga grup angklunge menang ring angklung caruk.
   Holip kari ngenget-enget paran hang dideleng lang dirungokaken aju seru enthenge dadi cerita-cerita cendhek hang kerasa seru Usinge. 
   Cerita-cerita hang temane kedadeyan saben dina bisa enak diwaca kaya hang metu ring kumpulan cerita Sewelas Taun, diitung sakat iyane milu nulis cerita basa Using.
   Kumpulan cerita cendhek basa Using Sewelas Taun iki dudu hang kawitan. Naming iki minangka anjir hang bisa dadi tandha carane iyane milu njejegaken basa Using lan nggawe arume Banyuwangi 

Redaktur menerima berbagai tulisan, kirimkan tulisan anda dengan mendaftar sebagai kontributor di sini. Mari ikut membangun basa Using dan Belambangan.


Editor: Hani Z. Noor