Sinau Nulis Puisi lan Pentigraf Using, Indonesia
Antariksawan Jusuf (dipublikasikan pada Senin, 21 Juli 2025 07:42 WIB)
- Laporan
Sinau Nulis Puisi lan Pentigraf Using, Indonesia
Webinar literasi hang judhule “Pelatihan nulis puisi lan pentigraf basa Indonesia lan Using", lancar dianakaken ring dina Jum’at, 18 Juli 2025.
Webinar iki asil teka megawe bareng kanca-kanca Penerbit Lintang Banyuwangi, media online Sastrawacana.id, lan kumpulan literasi hang arane Kopiwangi.
Hang milu ring acara iki ana kira-kira pitung puluh lima uwong, teka maneka macem propesi, guru, murid uga dulur-dulur hang ngugemi lan megiyet ring literasi.
Kabeh padha ngumpul ring acara daring, sak perlu kanggo ngangsu ilmu lan njerokaken pangerten, nambahi maning ilmune makene saya pinter kadhung nulis sastera, hususe puisi lan pentigraf ring rong basa, yaiku Indonesia lan Using.
Webinar iki diarahaken ambi Mbok Yeti Chotimah, salah sijine guru lan tukang nulis hang wis akeh ngelairaken karyane, ana ring pirang-pirang buku, utamane hang ana kaitane ambi budaya Banyuwangi.
Lakune webinar saya nyenengaken, merga tekane Mbok Qurrota Ninin hang dadi pranata acara, lan uga wis kesuwur ring kanca-kanca literasi lan budaya Banyuwangi.
Ana telung narasumber hang ngadiri webinar iki, hang kawitan Maulana Affandi, penulis uga pemimpin redaksi penerbit Lintang.
Hang nomer loro, kang Andi Budi Setiawan, tukang nulis buku lan editor Sastrawacana.id, hang dikenal nganggo aran Penapanuluh.
Hang nomer telu, kang Heri Iskandar, hang dikenal kelawan aran Kang Dzakawangi. Iyane iki beda maning, hing mung nulis buku, nggawe gendhing, uga tukang ngeracik musik, tukang nggawe guritan Banyuwangi, nggandhang Banyuwangian, uga dhemen ngemati basa Using kanggo njunjung dhuwur budaya Banyuwangi.
Ring penjelasane, Maulana Affandi ngengetaken nyang kabeh hang milu webinar, pentinge warisan pikiran liwat nulis buku.
Jare Kang Maulana Affandi, nulis iku sing mung nguntabaken babakan ring pikiran dadi tulisan, iku kabeh dadi tanggungjawabe nom-noman dina mburi.
Kang Affandi ya negesaken pisan, kadhung tukang nulis iku hing kira bisa 'mati' kerana pikirane tetep awet anane.
Raga bisa ilang merga pati kapan bain, taping uwoh pikirane tetep urip lan uga awet kadhung ketulis ring njerone buku.
Mula, warisan hang apik yaiku buku, hang nggarai awak dhewek tetep diangen-angen ring anak putu dina mburine, gedigu omonge.
Hang nguwani ilmune nomer loro, Kang Andi Budi Setiawan, uga hang wis akeh ngelairaken tulisan ring buku, sing kalah ambi liyane, malah nduduhi kelendi carane nulis puisi lan pentigraf hang apik lan bener.
Salah sijine hang ditegesaken ring Kang Andi, yaiku milih ucap utawa diksi. Hang kudu duwe rasa jeru, makene asile nggawe tulisan iku mau kerasa kuwat ring maknane.
Diksi hang pas, bisa nguripaken puisi, hing mung maesi bain.
Merga puisi iku perlu rasa, hang bisa nggadug merga pilihan diksine tepak.
Tukang nulis buku Algoritma Cinta iki, nduduhi peserta hang milu webinar, kon golet wangsit, kanggo njugeri lakone urip hang tau dilakoni, utawa paran bain hang ana ring kiwa tengene.
Beda maning ambi Kang Heri Iskandar, nambahi titipan pesen, kanggo nom-noman, diejak bareng-bareng ndhemeni nulis puisi nganggo basa Using. Kanggo nguri-uri budaya gena sing luntur, kegerus mangsa.
Kang Heri nguweni conto, puisi ulihe nulis nganggo basa Using, hang bisa diterusaken dadi lagu Banyuwangi, lan bisa dirungokaken wong akeh ring channel Youtube Dzarra Official.
“Isun ngajak nom-noman Banyuwangi, kudu duwe rasa mongkog nganggo basa Using."
Aja isin, kadhung awak dhewek sing nganggo basa Using, kari nganteni wayah, basa Using edheng-edheng bisa entek, sing nggadug ring anak putu, pungkasane bisa-bisa malah ilang, gedigu ujare.
Webinar iki uga tambah rumang merga akehe saur manuk, akeh hang padha takon-takonan, salah sijine, Halili, S.HI, Kepala MTs Nurul Huda Blimbingsari, takon kelendi carane makene nulis iku bisa tetep ajeg, paran maning kadhung wis kentekan wangsit, dadi gampang mutung sing nerusaken ulihe nulis.
Jawabe Kang Heri Iskandar, “Sapa bain hang hing bisa marekaken nulis iku artine kalah ambi rasa males. Mangkane kekarepan kanggo nulis iku kudu tetep dijaga. Aja dirandhu kapan karepe, kerana kadhung nganteni kapan tekane karep, tambah sara ulihe ngawiti maning."
Kang pungkasan, panitiya webinar ngewani ulih-ulih buku kanggo hang milu webinar, gelem megiyet, lan wanen ngomong paran hang dadi angen-angene ring dina mburi, kanggo tetep nguripaken kekarepan nulis.
Sak liyane iku, diwekasaken pisan webinar iki bakale diterusaken kanggo sesi sakteruse, engko kabeh hang milu diajak nulis bareng, nggawe buku antologi.
Rencanane arep dipeleciraken tepak Bulan Bahasa Oktober 2025 iki.
Webinar iki dudu mung sinau kelendi carane nulis, dadi panggonan silaturahim, mbangun literasi, ngelestarekaken basa dhaerah, lan merujukaken rasa nang wong-wong kanggo tetep nggawe karya hang bisa dadi warisan budaya.
Penulis: Heri Iskandar
Redaktur menerima berbagai tulisan, kirimkan tulisan anda dengan mendaftar sebagai kontributor di sini. Mari ikut membangun basa Using dan Belambangan.
Sumber : Heri Iskandar
Editor: Hani Z. Noor





