Sinau Sejarah ring Omahseum
Antariksawan Jusuf (dipublikasikan pada Senin, 20 Mei 2024 08:44 WIB)
- Laporan

Kelendi nerangaken nang lalare enom gok Banyuwangi iku nduwe sejarah hang dawa lan sugih tinggalan artefak lan budaya? Jawabe salah sijine ngejak lalare iku nekani museum.
"Muga-muga panggonan iki bisa dadi panggonan lalare enom hang kepingin weruh sejarah Banyuwangi," jare Bupati Banyuwangi Ipuk Fiestiandani tepak mbukak Omahseum ring Jl. Widuri Sukorojo, wetane Sasak Perot tanggal 18 Mei ditepakaken ring Dina Museum Internasional.
Omahseum iki museum hang ana ring umah duwene Pak Thomas Racharto, bengen tau dadi pimpinan DPRD Banyuwangi lan anggota DPRD propinsi Jawa Timur periode 1971-1992.
Jare Bu Ipuk, Banyuwangi kerep ketekan dhayoh, aju marek ndeleng jugedan Banyuwangi, dhayohe ngomong emeh padha ambi Bali. "Ya setemene kebudayaan Bali iku teka Belambangan. Kene hing tiru-tiru naming mula ana hubungane antarane Belambangan ambi Bali. Kadhung ana raja Bali arep ibadah ya menyang Banyuwangi, pungkasane nyambunge merono."
Semono uga Ijen, sakat bengen wis melebu ring literasi Landa gok Ijen iku nong Banyuwangi. Umahe Landa hang bunder iku ketulis ana ring Banyuwangi. Banyuwangi sugih seru, iki hang kudu terus dijugeri makene lalare bisa nambah wawasan lan welase nang Banyuwangi.
"Isun ngucap terima nyang Pak Thomas lan Bu Umi hang wis nyedhiyani panggonan saingga masarakat Banyuwangi bisa sinau sejarahe. Lan kene duwe jujugan (destinasi) anyar. Kene wis duwe jujugan alam, duwe museum Blambangan, ana pirangane jujugan ring desa-desa hang wis digawe, saiki tambah siji maning Omahseum."
Hang diarep-arep Bu Ipuk nang kabeh pelaku wisata, para seniman, para budayawan, bisaa ndadekaken jujugan iki minangka salah siji referensi kanggo dhayoh-dhayoh hang teka. Mula kudu dikolaborasi ambi panggon jujugan liyane. Engko dadi siji galur ambi museum Blambangan nang PGGI (Pusat Informasi Geologi Geopark Ijen).
"Hing mung Ijen hang dipameraken, hing mung Pulo Merah. Tapi kene uga sugih budaya, sugih ilmu. Kelendi Cina wis sakat bengen ana ring kene, kelendi Landa lan Spanyol bisa ana ring wilayah Glenmore, kelendi sibrake Belambangan lan Bali, bisa dadi wacana hang menarik dikembangaken."
Jare Pak Thomas, setemene museum iki wis ana sakat sepuluh taun kepungkur. Asal-usule tepak Pak Thomas ketanggor pitakonan hang butuh moralitas gok iyane kudu paham wilayah lan masarakat Banyuwangi. Sakat iku iyane mangkat ngumbara lan golet-golet paran bain kanggo ngerteni wilayah lan wong Banyuwangi.
Cumpu teka ewonan barang temonan hang cilik-cilik bisa nyambung ditambah literatur liyane kaya Negarakertagama lan Pararaton uga perasasti liyane.
Dadine ceritane dikelumpukaken ring bukune yaiku Balambangan Kuno (Abad XIII-IV - Sebuah Rintisan Merekonstruksi Sejarah Lokal Balambangan Kuno/Kabupaten Banyuwangi Sekarang).
Paran keahliane Pak Thomas iki nggawe lan ngelola museum iki? Cumpu iyane duwe sertipikat minangka kurator hang tugase kelebu:
1. Nyusun kebijakan koleksi museum
2. Nekakaken lan nyimpen koleksi museum
3. Nginpentarisasi koleksi museum
4. Nyilih koleksi museum
5. Nggawe kajian koleksi kanggo pameran museum
6. Nyusun materi publikasi hang dhasare kajian koleksi
Redaktur menerima berbagai tulisan, kirimkan tulisan anda dengan mendaftar sebagai kontributor di sini. Mari ikut membangun basa Using dan Belambangan.