Sri Tanjung Melecir Maning
Nur Holipah (dipublikasikan pada Sabtu, 08 Februari 2025 11:13 WIB)
- Laporan

Ibu Bumi: Sri Tanjung Banyuwangi, guritan hang ditulis telulikur penulis iki, dipeleciraken Jemuwah sore (7/2/25) manggon ring Laboratorium Sejarah UNTAG. Inisiator Forum 28 Muttafaqur Rohmah, hing mung nyeja nekakaken Samsudin Adlawi (Direktur Utama Radar Banyuwangi), tapi uga diadhiri Hasan Basri (ketua Dewan Kesenian Belambangan) lan Fatah Yasin Noor (Sastrawan Banyuwangi) husus kanggo nggesahi lan muruki kelendi kudune nulis puisi.
“Puisi ini ditulis oleh perempuan, tentang perempuan. Sama halnya, kita bertanya kepada ikan bagaimana bunyi kecipak sayap ikan di laut? Ikan akan balik bertanya, lho kenapa itu ditanya ke saya? Itu kan jadi kebiasaan saya," jelentrehe Samsudin bangete diskusi. Wekase gedigi, aja sampek nulis puisi mung sewates paran hang dadi anjerahe. Kadhung kepingin gurit hang spesial, kudu bisa metu teka garis lan pager kebiyasaane. Saben penulis gurit uga duwe gaya bahasa dhewek hang sing bisa dipadhakaken ambi wong liya.
Samsudin nguwani gambaran gok ana papat maknawi puisi, (1) Ekspresif, (2) Reflektif, (3) Filosofis, (4) Futuristik. Telulikur penulis gurit Ibu Bumi Sritanjung Banyuwangi, kari ngira-ngira ana ring kamar hang endi puisine.
“Lebih baik menulis puisi di kertas, agar riwayatnya bisa ditelusuri. Banyak coretan, kata apa diganti apa bisa kelihatan, dan di situ proses Anda belajar. Kalau diketik di gadget, jejak salahnya langsung hilang.” Wekase Samsudin maning.
Serehne jare Fatah Yasin Noor, banyak perasaan yang bisa diwakili satu kata. Kata memang punya irama. “Ini diwakili satu puisi bergaya tipografi yang hanya menggunakan satu kata untuk menggambarkan yang mungkin penulis ingin sampaikan bahwa Banyuwangi dari utara sampai ke selatan menjiwai Sritanjung.”
Kadhung Hasan Basri gayeng nggesahi lan nguweni akeh gambaran dak akeh cerita tutur/cerita lisan hang ngistimewakaken perempuan. Pada kaya konstruksi perempuan ring Banyuwangi hang nguweni panggon perempuan hang digdaya.
Ring jaman saiki, hing salah dhung ana ujaran gok perempuan adalah makhluk multitasking. Tangane nyandhak korah-korahan, mejikom wis cemethet, ring kompor tahu digoreng wis kemeronyes, serehne kum-kuman kumbahan nung timba kaya melung-melung wis njaluk diuleg-uleg. Gedigu yara gambarane?
Liyane mikiraken lobok bawang hang saya larang, perempuan nung buku Ibu Bumi: Sritanjung iki nyatane tetep bisa nulis. Ngungkapaken perasaan hang nung donya nyata durung kecunggah.
Liyane mikir tugas lan kegiyatan sekolahan, ya kalingana magih kober nulis. Merga ana uga penulis perempuan hang magih lare sekolahan.
Sapa bain penulis nung buku Ibu Bumi: Sritanjung Banyuwangi?
Muttafaqur Rohmah, Nurul Ludfia Rochmah, Desy Ariani, Nur Holipah, Hardjani, S.S., , Dra. Dyah Dhomi Eko Wulandari, El Kamalin, Elvry Mayluxsi Haviva, Fiya Qutrunnada, Kanti Rahayu, Mutiara Nurinda Amira Azhra, Nadira Andalibtha, Nani Asiany Ms, Niqoyatuh Ardillah, Nuchbah Baroroh, Nuhbatul Fakhiroh Maulidia, Rachmawati, Retno Herlina K, Rini Dianingrum S.Pd., Rizca Eka Ria Prastica, Rizmada Azzahra, Rulita Octania, Silviana Firnanda, Siti Rohmatin Nasilah, Hj, Sri Rahayu, Tirta Baiti Jannah, Nur Khofifah, Wahyi Dwi Ulfa, Widi Nugrahani, Yunita Ratnasari, Yusmia Widiastuti
Redaktur menerima berbagai tulisan, kirimkan tulisan anda dengan mendaftar sebagai kontributor di sini. Mari ikut membangun basa Using dan Belambangan.
Sumber : Werta
Editor: Antariksawan Jusuf