Tadarus Quran Gedhi ring Masjid Baiturrahman Banyuwangi

Antariksawan Jusuf (dipublikasikan pada Rabu, 13 Maret 2024 08:07 WIB)
- Laporan



Kitab suci Al Quran gedhi ring Masjid Agung Baiturrahman Banyuwangi nduweni ukuran 150 cm x 200 cm. Quran iku ditulis tangan ambi Ustad H.Abdul Karim, uwong Genteng. Kertas langsung pesen ning Jepang. Ulihe nulis ngentekaken telung dus banyu mineral spidol gedhi, lawase sampek emeh setahun. Quran hang disumbangaken ning Masjid Agung Baiturrahman Banyuwangi iku kesimpen ning panggung loro sakat taun 2012. "Saben-saben ulan puwasa Quran iku diwaca kanggo maderusan. Sekira petang taun kawitan, Quran iku magih kudu diteliti maning. Carane, ana hang maca ya ana hang niteni teka kalangan hupad yaiku Gus Fathur," abane Sekretaris Umum Yayasan Masjid Agung Baiturrahman Banyuwangi, Ir. Azis Siswanto. Saben-saben bengine ulan puwasa, hang maca yaiku Ustad Nabil, Ustad Quddus, Ustad Muzakky lan ustad-ustad liyane. Saben wayahe ngeblat kertase, kudu dilakoni uwong loro. Kadhung uwong siji sing bisa. Ulih tah kadhung dhayoh milu maca? Pengurus Yayasan Masjid Agung Baiturrahman Banyuwangi sing nampik. Sapa bain ulih teka lan nyacak maca. Kaya dene hang dilakoni ambi musafir teka Jakarta.  Musafir hang nyeja safari Ramadhan sekeluwarga iku sing gelem disebutaken arane. Iyane ngakoni kadhung durung biyasah maca Quran gedhi iku, rasane endhep-endhepen ring matane. 
   "Sing masalah. Hang penting Isun uwis duwe cathetan pengalaman maca Quran gedhi ring masjid agunge Banyuwangi. Iku rasane pengalaman hang sak umur uripisun seperene," abane.
   Koresponden Belambangan.com dhewek uga uwis ping kaping-kaping nyacak milu maca. Ya mula endhep-endhepen ring mata. Paran maning hang buru sepisan maca.
   Quran iku kawit-kawitane dienggo maderusan, ditekani ambi wartawan tipi, majalah, koran lan radhiyo. Saiki malah medhiya sosiyal hang akeh mara milu nyatakaken.
   Saben ulan puwasa, Quran gedhi iku diwaca sampek ping telu kadhang sampek nggadug ping limang ataman.
   "Muga bain, kelawan anane Quran gedhi ring Banyuwangi bisa dadi nambah gedhine ati umat Islam utamane hang ana ring Banyuwangi," abane hupad Gus Fathur.

(kang ujik).

Redaktur menerima berbagai tulisan, kirimkan tulisan anda dengan mendaftar sebagai kontributor di sini. Mari ikut membangun basa Using dan Belambangan.


Editor: Hani Z. Noor