Tap-Tap Wulu Arep Mulang Basa Using Sakat Kelas 1 SD

Antariksawan Jusuf (dipublikasikan pada Sabtu, 21 Juni 2025 08:19 WIB)
- Laporan



Pemerintah Daerah Banyuwangi liwat Dinas Pendidikan tap-tap wulu kanggo nggawa pelajaran basa Using sakat kelas 1 SD.
   "Kadhung mula ana ketentuan basa Using iku diwulangaken mulai kelas 1 ya bisa diwulangaken," jare Kasi Mutu SD Diknas Banyuwangi Pak Erpandi tepak mbukak pertemuan kanggo tim hang nyiyapaken bahan ajar basa Using.
   Kene ngewani panggon lan kesempatan dienggo anak-anake awak dhewek kanggone ngarteni lan njugeri basa Using liwat literasi Using, lan ring dina-dina pungkasan iki wis saya apik. Dudu merga hing ana masalah, utamane bab Bahan Ajar hang kudu disedhiyakaken, kadhung kurikulume durung tepak ya kudu ditepakaken. Ana buku bahan ajar taun 2021 kadhung perlu dibecikaken ya dibecikaken, jare Pak Erlandi.
   Seperene basa Using minangka muatan lokal wis diwulangaken ring kelas 4, 5 lan 6 SD.
   "Intine, Isun ngewani dhukungan, paran maning minangka Isun wong Using hang dipercaya dadi pejabat ring Dinas Pendidikan, mumpung Isun magih madeg dadi pejabat, merga iku sing selawase. Kadhung engko wis pangsiyun Isun wis sing bisa paran-paran. Mumpung magih bisa, sak bisane Hun upayakaken ngewani perhatiyan utamane bidhang budaya, seni lan basa."
   Jare Pak Erpandi masiya ana Surat Keputusan Bupati taun 2002 hang dienggo mung ring 21 kecamatan, "Isun kepingine lan ngarepaken bisa 25 kecamatan. Sing ana hang aran dhaerah iki wilayah basis Using lan  liyane dudu basis Using. Ring bab pembelajaran kabeh porsine padha. Paling using ring dhaerah hang dianggep dudu basis Using, lalare iku ngenali budayane, ngenali basa dhaerahe. Dudu maksa lalare iku bisa ngomong nganggo basa Using. Kadhung ring dhaerah hang dianggep basis Using ya merga paran? Kadhung jumlah penutur hang nganggo basa iki saya kurang, suwe-suwe basa iki ya ilang aliyas musna. Basa dhaerah iku ilang kadhung sing ana hang ngomong nganggo basa dhaerahe. Upaya hang diraksa awak dhewek saiki iki mung nambah dawane umur basa iku, merga Isun yakin kadhung magih ana wong-wong hang gelem megiyet ngupaya ngelestarekaken basa Using kelawan maneka cara, Insyaalloh bisa tetep ana lan jaya."
    Tim hang nyiyapaken bahan ajar iku ana 16 wong kelebu telu hang engko dadi edhitor lan 13 guru SD.
   "Mula iku Isun ngewani penghargaan nyang kanca-kanca hang wis milu ubred, mulai teka penyusunan bahan ajar, nawi ana hang dilibataken ring Balai Bahasa, iku Hun anggep luwar biyasah," jare Pak Erpandi.
   Setemene ana program Revitalisasi Bahasa Daerah teka Balai Bahasa Jawa Timur telung taun seperene lan sedurunge malah Pemda wis nganakaken Festival Literasi Using sakat 2021 kanggo ngupaya nguri-uri basa Using nong lalare.
   "Saben taun Isun tetep ngupayakaken liwat Literasi Using. Taun iki ana papat kegiyatan hang ana hubungane ambi basa Using yaiku Festival Padhang Ulanan, Festival Memengan, Festival Kita Bisa lan Festival Literasi Using, masiya Literasi Using luput hing melebu ring Banyuwangi Festival naming tetep dibranding kaya kegiyatan festival. Melebu ring festival tah using, hang penting awak dhewek tetep ngewani panggonan nyang anak-anake awak dhewek kanggo nduweni kereasi utawane karya liwat festival."
   Naming kabeh upaya kanggone revitalisasi basa dhaerah, nggawe gampang piwulangane, iki kabeh ya gemantung nyang kepala sekolah hang duwe wewenang ngatur anggarane, kelebu ngewani anggaran hang dienggo nyedhiyakaken buku.
   "Isun mung bisa ngewani wekas, iki kanggo nggampangaken piwulangane merga akeh guru-guru hang sing paham. Kaya sore ika Bimtek mung 50 uwong, seru kurange kadhung dibandhingaken ambi jumlah sekolahe. Mulane buku iki seru pentinge kanggone bisa mbantu kanca-kanca hang durung tau ulih Pelatihan Pengajaran Muatan Lokal," Pak Erpandi mungkasi pidhatone.

Redaktur menerima berbagai tulisan, kirimkan tulisan anda dengan mendaftar sebagai kontributor di sini. Mari ikut membangun basa Using dan Belambangan.


Editor: Hani Z. Noor