Taun 2025 Lambange Magih Kulawu/Beledhus

Antariksawan Jusuf (dipublikasikan pada Sabtu, 04 Januari 2025 08:40 WIB)
- Laporan



Kelendi taun anyar 2025 nurut itung-itungan Using/Jawa? Jare sesepuh adat Using Kampung Dukuh kecamatan Glagah, Sanusi hang kesuwur kelawan celukan Kang Usik, taun iki magih kulawu alias beledhus.
   Wong bengen mula duwe cara dhewek kanggo ngatur siyasat ngadhepi urip. Kabeh lakune urip kaya ngedegaken umah, selametan, labuh singkal lan liyane diitung  nganggo tanggalan (primbon) dhewek.
    Taun anyar 2025 iki diitung angkane aju dideleng lan gawe kesimpulan.
   Taun iki taun Arabe Za, Jim Awal 1446 Hijriyah. Dene taun Jawa 1958 Saka. Taun Jawa Using, kasebut Sang Sancaya (Nur Cahya). Lambange: Kulawu utawa Kelawau (Beledhus).
   Kapan dijelentrehaken dadi gedigi: sak per widon iku wolung taun. Kadhung diitung teka taun Zim Awal = Za - Je - Dal - Be -Wau - Jim Ahir.
   Aju sakuwise taun Arab, Jim Ahir balik nang Alip Hiz.
   Taun Sang Windune windu:
1 - Adi/Lebih:  8 (wolung) taun.
2 - Sengara/Sangar: 8 (wolung) taun.
   Rong windu Adi & Sengara: 8+8= 16 taun.

Kanggo ganti lambang Kulawu nyang lambang Langkir itungane : Za - Je - Dal - Be - Wau - Jim Ahir: 7 (pitung) taun. Merga lambang Langkir diwali Windu Adi lan taun Alip H (Taun Arab).
   Cendheke cerita, nusantara iki lambange magih lambang Kulawu utawa kelawu utawa dhawuk, hang uga disebut Beledhus, kaya wernane kebo hang kungkum ring guyangan.
   Mangkane Kang Usik hing patiya optimis nong wektu mengarep sampe taun 2032. Kadhung magih kulawu, mula durung tawang.
   Taping balik maning nong saben-saben uwong, kelendi carane ngadhepi urip.

Redaktur menerima berbagai tulisan, kirimkan tulisan anda dengan mendaftar sebagai kontributor di sini. Mari ikut membangun basa Using dan Belambangan.


Editor: Hani Z. Noor