Taun Kulawu lan Ngambule Jagad

Antariksawan Jusuf (dipublikasikan pada Rabu, 30 Juli 2025 07:36 WIB)
- Laporan



Taun Kulawu lan Ngambule Jagad


Kahanan mengarep ring taun-taun iki dirasakaken magih kelawu mbeladhus, jare Kang Usik, sesepuh Using ring Dukuh Talun Jeruk, Glagah Banyuwangi.
    Itungane gedigi. Taun Arab: ZA : JIM AWAL 1446 H. Sedheng taun Jawa 1958 Saka. Taun Jawa Using iku Sang Windu,: Sancaya (Nur Cahya). Lambang: Kulawu/Kelawu (Beledhus).
    Kadhung diterangaken gedigi: sak per windon iku 8 taun. Kadhung diitung teka JIM AWAL yaiku ZA - JE - DAL - BE -WAU - JIM AHIR .
   Sedheng ring taun Arab JIM AKHIR iku balik maning nang taun ALIP HIZ.
   Taun Sang Windune:
1 - ADI /Lebih: 8 taun
2 - Sengara /Sangar: 8 taun
Rong windu Adi & Sengara = 8+8= 16 taun.
    Kanggo ganti Lambang Kulawu nyang Lambang Langkir itungane:  ZA - JE - DAL - BE - WAU - JIM AHIR = 7 taun. Sebab lambang Langkir diwali Windu Adi lan taun Alip H.
   "Dadi nusantara iki Lambange magih Kulawu alias kelawu. Kadhung jare wong Using Banyuwangi beledhus kaya wernane kebo hang marek kungkum nong endhut."
    Dene ndeleng akehe belahi nong kana kene kaya kedadeyan kapal kelem lan liyane, iku nduduhaken tetengere ngambule jagad. "Merga ngambule jagad iku ana sak njerone taun kang gunggunge pitu lan sanga. Lan ana gerahana kang nggawe kelawune sak jagad erat," jare Kang Usik.
   Kang Usik methik isine primbon tatal Saridin, Dukuh Talun Jeruk, Glagah kaya gedigi itungane:
   Taun masehi: 2025. 2+0+2+5= 9.
    Taun Hijriah: 1447. 1+4=5. 4+7=11. 1+1=2. 5+2=7.
   Kadhung ditotal: 9+7=16. 1+6=7 (pitu).
   Dadi wis cocog ambi itungan ngambule jagad ana ring taun hang itungane 7 lan 9.
  Gedigu penjelasane primbon. 
   Pengeran kabeh Hang Maha Weruh.

Redaktur menerima berbagai tulisan, kirimkan tulisan anda dengan mendaftar sebagai kontributor di sini. Mari ikut membangun basa Using dan Belambangan.


Editor: Hani Z. Noor