Tegok lan Selumpringe Jajang

Antariksawan Jusuf (dipublikasikan pada Kamis, 05 Maret 2026 07:44 WIB)
- Laporan



Primbon tatal Belambangan hang diwarisaken Buyut Saridin unine gedigi:
  Tethek tetek titen
  Titene agung agung
  Tethek tetek titen
  Titene agung agung
  Si lara sintik
  Titik titik kembange paran

Saben tanduran nduwe wektu dhewek-dhewek hang pandome bisa dititeni ambi wong tani sakat jaman wingi taklam.
   Jare sesepuh masarakat Kampung Dukuh Talunjeruk, kecamatan Glagah, Kang Usik, dhung saiki tanduran hang wayah ngembang yaiku tegok. Aju ana tandha-tandha paran hang bisa diwaca teka tegok?
Para leluhur Belambangan wis nulisaken ring primbon tatal ndhuwur mauka, tandha-tandha hang saiki bisa diwaca anak putune.
  Kadhung bengen para leluhur wekase asile maca kedadeyan alam bisa diwujudaken arupa sastera.
   Naming saiki kene bisa nggawe analisa ilmiyah, nyatheti tetenger kanggo mbukak wawasan lan pengalaman lan diwarisaken nang generasi mengarepe.
   Kalingana tanduran tegok bisa dienggo niteni anane cuaca ekstrim lan nggawa gara-gara yaiku: uwoh sentul ring silite rada kuning lan pesene leluhur wayahe wong tani nandur ranti. Merga sedhilut engkas ebunge jajang arep nyoplok selumpringe. Akibate paran?
1. Rajakaya akeh hang keneng penyakit gatel ring kulite.
2. Wong hang wis tuwek-tuwek lan bayek akeh hang lara watuk.
3. Udane rada surut, woh tegok saya gembel.
4. Woh-wohan hang wayahe panen yaiku wadhung, woh uni mangkat abang semu cemeng.
   Artine, angin saya neka lan hing kakaruwan, kadhang nduwe daya ngerusak.
  Udane mung gerigis naming kilate mara-mara selamberan lan akeh ngantem umahe penduduk.
  Tegok iku nguwoh ring ulan Pebruari lan gembel-gembele ring ulan Maret.
  Dadi ulan masehi hang ebek mala iku anane ring tengahe Pebruari sampek pungkase ulan Maret.
   Wekase Ibu Laras Goras Andhini teka Kemendiknas RI lan Prof. Lucy Dyah Hendrawati teka Unair Surabaya, kadhung ring wayah ulan iku lan cuacane mendhung, 1. aja ngiyup ring ngingsore uwit 2. hape kudu dipateni 3. aja megawe sulung ring kebonan, kedhokan utawa ring lemah kang tawang  4. aja nyetel tipi.
   Kaweruh hang ana ring primbon tatal iki urip minangka kearipan lokal Belambangan, Banyuwangi.




Redaktur menerima berbagai tulisan, kirimkan tulisan anda dengan mendaftar sebagai kontributor di sini. Mari ikut membangun basa Using dan Belambangan.