Teradhisi Ithuk-ithukan, Hang Olah Sing Ulih Niliki
Hani Z. Noor (dipublikasikan pada Sabtu, 12 April 2025 08:05 WIB)
- Laporan

Teradhisi Ithuk-ithukan, Hang Olah Sing Ulih Niliki
Hang aran selametan iku umume dianakaken enggo njaluk tulung nang uwong-uwong hang teka nung acara iku milu nulungi ndonga supaya kekarepane bisa kelaksan. Sak liyane iku, selametan uga kerep dianakaken minangka rasa sukur hang nduwe hajat merga wis nggadug nyang kekarepane.
Ya gedigu iku hang biyasah dianakaken ambi uwong-uwong ring Dusun Rejopuro, Desa Kampunganyar, Kecamatan Glagah, saben-saben tanggal 12 Dulkaidah taun Hijriyah. Noring dina iku, kabeh warga Dusun Rejopuro nganakaken selametan bareng hang diarani Ithuk-ithukan. Selametan sak kampung cara warga Rejopuro iku dianakaken minangka rasa sukur nyang Gusti Pengeran merga wis diweni rejeki hang cukup.
Diarani ithuk-ithukan merga kabeh olah-olahan panganan hang disuguhaken ring selametan iku kabeh diwadhahi ithuk.
Masiya padha-padha selametane, naming teradhisi selametan ithuk-ithukan hang ana ring Dusun Rejopuro iku beda seru ambi selametan biyasahe. Umume, hang aran selametan iku ya ngundang uwong supaya teka nang umahe hang ngundang. Bedane, kadhung selametan ithuk-ithukan panganane diolah bareng-bareng kelawan gotong-royong aju diwadhahi ithuk. Sak teruse, atusan ithuk hang wis ana isine panganan iku aju diedum-dumaken nyang sekabehe warga dusun kelawan diateraken siji-siji nang umahe dhewek-dhewek. Uwong hang ditugasi ngateraken ithuk-ithuk iku yaiku wong wadon akehe papat hang umur-umurane wis tuwek, hang wis ditetepaken sedurunge ambi tokoh adat nong dusun iku.
Sak liyane nggawa ithuk hang arep diedum-dumaken, wong wadon tuwek papat iku mau uga nggawa sesajen hang isine beras kuning, hang disembur-semburaken nong ngarepan umahe warga hang arep diuwani ithuk.
Sakmarine dum-duman ithuk lan dipangan bareng, kabeh warga aju amprak-amprakan nuju nong sumber hang ana ring kulone dusun, hang arane ‘Sumber Kajar’. Gadug noring sumber Kajar, kabeh warga aju ndonga bareng hang dipimpin ambi tokoh adat. Sakmarine Ndonga, aju dianakaken selametan maning nganggo panganan ‘Sega Golong’ lan lawuhe ‘Pethetheng Pitik’.
Tokoh Masarakat Dusun Rejopuro, Abdullah, njelasaken, tujuwane nganakaken selametan noring Sumber Kajar iku minangka ngucap sukur nang Gusti Pengeran hang wis ngewani rejeki lan berkah nikmat nyang kabeh warga. “Merga Sumber Kajar iki terus-terusan mili lan nguweni penguripan kanggone Masarakat Rejopuro,” jare Abdullah.
Mari selametan nong Sumber Kajar kabeh warga aju nutugaken lakon lan jiarah nyang kuburane Buyut Wuku. Miturut kepercayaane warga Rejopuro, hang aran Buyut Wuku iku uwong hang kawitan mbabat alas nong kana, hang saikine wis dadi Dusun Rejopuro. ”Buyut Wuku iku minangka sesepuh warga Dusun Rejopuro. Ya Buyut iku hang bengene ngawiti mbabat alas ring dhaerah kene, hang saiki wis dadi dusun iki,” ujare Abdullah.
Miturut ceritane Abdullah, teradhisi ithuk-ithukan hang dianakaken ambi warga iku merga bengen Buyut Wuku wis tau pesen supaya nganakaken selametan saben taun sepisan angger tanggal 12 Dulkaidah tahun Hijriyah.
Hang rada aneh noring teradhisi ithuk-ithukan yaiku kala olah-olahan panganan. Aneh, merga uwong hang ngolah utawa ‘juru masake iku sing ulih niliki panganan hang diolah. Jare Abdullah, uwong hang ngolah panganan naming sing ulih niliki olah-olahane iku nduweni maksud supaya uwong-uwong hang mangan panganan hang diolah iku mau bisa nerima paran hang diuwekaken paran anane. Pilosopine nduweni maksud, uwong iku kudu bisa nerima lan nduweni rasa sukur nyang paran-paran hang wis diulihi lan diduweni saiki iki.
(Eko Budi Setianto)
Redaktur menerima berbagai tulisan, kirimkan tulisan anda dengan mendaftar sebagai kontributor di sini. Mari ikut membangun basa Using dan Belambangan.