The Toyota Foundation lan Kamus Using
Antariksawan Jusuf (dipublikasikan pada Sabtu, 01 November 2025 06:51 WIB)
- Laporan
The Toyota Foundation lan Kamus Basa Using
The Toyota Foundation hang ana ring Tokyo Jepang mara-mara ngagetaken merga ngirim surat ulan Oktober iki hang isine bab Kamus Basa Using hang disusun ruwahe Pak Hasan Ali.
Sapa hang sing kaget, surat iku kadhung diitung ana 23 taun sakuwise Kamus Bahasa Daerah Using-Indonesia diterbitaken taun 2002.
Aja dibayangaken kahanan taun semono iku padha ambi saiki. Diibarataken basa Using (tulis) buru arupa wiji hang buru ditandur taun semono iku. Kamus sing ana, Tata Ejaan durung ana, buku Tata Bahasa paran maning.
Tapi Pak Hasan wis ngimpi basa Using diwulangaken ring sekolahan. Teka endi ngawitine?
Salah sijine ya anane kamus iki mau. Jaman semono aja dikira kabeh cemepak. Pak Hasan nulis nganggo mesin tik hang kadhung luput kudu ditutupi ambi cairan putih hang aran tipp ex, aju dibaleni ngetik maning.
Pak Hasan nyusun ucap-ucap hang ana ring pikirane, hing kaya anjerahe wong nggawe kamus, nganggo kertas hang ditulisi sak ucap sak ucap. Aju disusun sak turut alpabet.
Pak Hasan mbayangaken saben ucap, diunekaken dhewek nong ngarep mesin tik aju ucape mau ditulis: a...a...marek ucap ana aju paran, anak.
Jaman semono hang diadhepi Pak Hasan hing mung urusan teknis. Merga akeh pisan wong Banyuwangi dhewek kang hing percaya gok Pak Hasan nulis kamus iku. Hang warah Pak Hasan aclak, buktine hing ana lan liyane.
Hing mung camahan teka wong Banyuwangi. Engko kadhung kamuse wis dadi sapa hang mbandani? Kuwasane Pengeran Gusti Hang Maha Welas, ana wong Jepang teka nang umahe. Arane Etsuko Kawasaki. Kawasaki taping megawe nong Toyota.
Pak Etsuko ndeleng hang digawe Pak Hasan aju iyane takon, paran hang dibutuhaken Pak Hasan? Aju Pak Hasan ngomong komputer. Jaman semono komputer iku magih dadi barang langka hing kabeh wong duwe. Taping bisa mbantu marekaken kamus iku mau.
Hing kathik kakehan cangkem, The Toyota Foundation nukokaken komputer kanggo nyokong pegaweyan nyusun kamus iku.
Dadine kamus iku duwe 473 halaman lan
nyathet anane kira-kira 24.000 ucap hang ana ring basa Using. Mula akeh hang durung kecathet.
Saiki 23 taun sak mareke terbit, The Toyota Foundation kaya wong buru ngelilir, mberejag... eh kamuse Pak Hasan iku mung ana versi cetake. Durung didigitalisasi (iyane sing weruh gok kamuse wis digawe kamus online ambi SKB sakat 2018).
Ring surate, The Toyota Foundation njaluk idin nang Pak Hasan hang duwe hak cipta kanggo digitalaken makene kesimpen lebih aman. Asile hing nak arep dipublikasi nganggo medhiya website utawa liyane.
Ketua Dewan Kesenian Blambangan Kang Hasan Basri, hang nerima surate teka Virgi anake Pak Hasan aju takon kanggo masthekaken kadhung diiyani lan surate diteken, hing njumbulaken masalah ring dina mburi.
Ketepakan tanggal 1 Nopember dina iki, Dinas Pendidikan Banyuwangi nggelar Festival Literasi Using kanggo murid SD lan SMP sak Banyuwangi.
Lalare iku milu ring pitung mata lomba yaiku Pidhato, Ndongeng, Nembang, Ngewer, Nulis Gurit, Nulis Cerita Cendhek, lan Nulis Aksara.
Sithik-sithik wis bisa diakoni gok basa Using rada jejeg lan ngersaya hang dilakoni Dinas Pendidikan lan kabeh wong hang milu njaga lestarine basa Using iki temenan cocog ambi impene Pak Hasan. Mandar muga Pak Hasan dipadhangi kubure. Teka kana, ruwahe mesthi mesem ndeleng perjuwangane diterusaken lalare Banyuwangi.
Redaktur menerima berbagai tulisan, kirimkan tulisan anda dengan mendaftar sebagai kontributor di sini. Mari ikut membangun basa Using dan Belambangan.






