Tukik Disiluri Iwak Lele ring Pantai Cemara

Antariksawan Jusuf (dipublikasikan pada Kamis, 02 Januari 2025 08:17 WIB)
- Laporan



Wong-wong kelenceran hang teka ring Pantai Cemara, Banyuwangi, tepak pereian ulan Desember lan mampir ring panggonan konservasi penyu akeh hang ngersula.
   Ring panggonan Edukasi Penyu, kolam-kolam hang sakmesthine dienggo tukik lan penyu-penyu cilik, diiseni kura lan iwak lele.
   Anak penyune hang kira-kira diametere 20-30cm, ana lima ring kolam hang gedhe lan tukike ana pitu ring salah siji kolam cilike.
   "Kadhung kepingin ndeleng tukik hang akeh, wektune hang paling tepak iku ulan enem sampek ulan wolu," jare Herman, salah siji relawan ring Konservasi Penyu Pantai Cemara, Pakis, Banyuwangi.
   Ana 12 relawan hang njaga penyu ring pesisir kono raina lan bengi. Relawane kabeh wong-wong kampung parek kono.
    Merga Pantai Cemara hang nduweni pesisir hang wera mula cocog kanggo penyu hang arep ngendhog. Penyu hang arep ngendhog munggah teka banyu segara nang pesisir, njugeri pasir aju ngetokaken endhoge.
   Saben taune ana kira-kira 80-120 hang ngendhog ring pesisir iku. Hang umum mulih ring pesisir kono iku telung macem penyu: penyu lekang, penyu ijo lan penyu sisik.
    Diarani mulih merga penyu hang ngendog ring kono iku bengene dilairaken nong kono. Kadhung wis dewasa lan ngendhog mesthi balik maning nang pesisir iyane bengen dilairaken.
    Umume, ring pesisir hang adoh teka menungsa, kaya ring pesisir Sukamade, predator endhog penyu iku nyambik, celeng, lan bojog. Taping ring pesisir Cemara hang parek ambi panggonan menungsa lan diambah menungsa, predatore ya menungsa.
   Saben penyu ngendhog kira-kira 80-120 ndeleng umure lan gedhine awake. Endhog hang dipendhem pasir iku netes antarane 45 dina sampek 55 dina, ndeleng-deleng adheme pasire. Saya anget saya cepet netes.
   "Taping marek tukike netes lan dieculaken, kene wis hing bisa njaga maning. Hang urip sampek dewasa, mung kira-kira rong persen," jare Herman.
   Kabeh tukik biyasahe dieculaken ring pesisir kono, taping kadhang ya ana hang dieculaken ring pesisir Boom Banyuwangi. Wong-wong njaba bisa milu ngeculaken tukik-tukik hususe kanggo edukasi lan kampanye lingkungan hidup.

Redaktur menerima berbagai tulisan, kirimkan tulisan anda dengan mendaftar sebagai kontributor di sini. Mari ikut membangun basa Using dan Belambangan.


Editor: Hani Z. Noor