Turis Eropa, Amerika Sinau Macaan Lontar Yusup ring Kemiren
Antariksawan Jusuf (dipublikasikan pada Rabu, 18 Juni 2025 07:40 WIB)
- Laporan
Turis Eropa, Amerika Sinau Macaan Lontar Yusup
Telu turis hang nginep ring umahe Kang Purwadi Kemiren sampek nambah dina nginepe sak perlu milu sinau macaan Lontar Yusup dina Selasa (17/6) dalu.
Bengi iku ring aula Rumah Budaya Osing (RBO) Kemiren duwene Kang Pur, Tomislav (teka Berlin, Jerman), Julia (teka Catalan, Spanyol) lan Willow (teka, Maryland, Washington Amerika) milu sila lungguh ring kelasa. Ketelon katon temenanan ulihe ngerungokaken kelawan nulis uni hang ditembangaken Nurul Ludfia, Kang Pur lan Kang Hasan Basri. Jak telon aju milu-milu nirokaken unine saben "pada".
Setemene latihan bengi iku kanggo Kang Hasan (Ketua Dewan Kesenian Blambangan) lan Ludfia (anggota DKB) hang arepe manggung maca Lontar Yusup.
Wong telu hang arane wis disiluri Kang Pur, Tommy dadi Sutris, Julia dadi Asmah lan Willow dadi Tatik, nggenteng nganteni sampek latihane marek masiya wong telu iku engkisuke kudu meruput nguber sepur hang jurusan Yogya.
"Wong jak loron iku arep nerusaken teka Yogya nang Sumatera dene Isun bisa bain balik merene," jare Willow, lare hang buru lulus SMA lan kepingine kelenceran sak donya.
"Marek iki Isun kepingin megawe nang Ostrali merga Ostrali hang bisa nerima visa turis hang nyambi megawe. Marek ulih bandha, Isun kepingin nang Asia tengah kaya Kazakhtan lan Tajikistan. Setemene bisa bain ulih visa megawe ring Irlandia, naming Irlandia adhem seru, Isun hing dhemen," jare Willow.
Iyane takon-takon bab tulisan Arab pegon lan kelendi hubungane ambi budaya Banyuwangi.
Kancane hang teka Spanyol, serta weruh posisine basa Using hang diseren basa Jawa, basa Indonesia, Julia, cerita gok bengen kahanane emeh padha ambi basa ring Catalan. "Bengen jaman embahisun, kadhung ketemon ngomong Catalan ring dalan bisa diukum mati," jare Julia. Taping saiki wis mbalik maning, Catalan dadi basa sedina-dina masiya minoritas ring Spanyol kana. Catalan ibukotane aran Barcelona.
Ditakoni alasane gok sampek gelem nganteni latihan macaan Lontar Yusup, Sutris eh Tomislav ngomong kepingin weruh budaya Using lan bahasane. Iyane uga takon kelendi bengene kok bisa nganggo hurup Arab, sebab iyane maca basa Jawa iku akeh dipengaruhi basa Sanskerta.
Wong telu iku padha girang diceritani Kang Pur asale aran-aran Using hang dienggo kanggo wong ketelon.
"Tatik iku gandrung hang kesuwur suwarane enak, Asmah iku uga suwarane enak lan jugedane apik, dene Sutris iku tukang paju gandrung sakat enom sampek tuwek."
Redaktur menerima berbagai tulisan, kirimkan tulisan anda dengan mendaftar sebagai kontributor di sini. Mari ikut membangun basa Using dan Belambangan.






