Uwit Nguwoh Marek Dianggari Perkul

Antariksawan Jusuf (dipublikasikan pada Rabu, 10 September 2025 06:53 WIB)
- Laporan



Uwit Nguwoh Marek Dianggari Perkul

Jaman bengen ring Banyuwangi, kadhung ana wit-witan hang hing gelem nguwoh biyasahe diancas perkul lan diweden-wedeni, dibacuki lan diseblaki, ana hang ngomong disunati.
   Sesepuh Adat Using Kampung Dukuh Kopen, Glagah, Kang Usik cerita gok bengene iyane duwe uwit jeruk hang hing gelem nguwoh. Aju dikongkon ngancas wite ambi perkul lan ana lare hang diupahi kongkon menek nong ndhuwur uwite.
   Ambi nggawa perkul, Kang Usik ngomong: "Sira hing gelem nguwoh, Hun tegor bain."
   Engko lare hang dikongkon menek uwite kudu semaur: "Using, aja ditegor, Isun nguwoh aju."
   Sik sampek rong minggu, jeruk iku ngembang gembel sampek dadi uwoh.
   Kang Usik dhewek ya kaju. "Sugesti, cangkem ya, paran hubungane nong uwite iku?"
   Weluri kongkon ngancas iku wis pirangane taun sedurunge diwarahi ring tanggane. Naming Kang Usik hing percaya. "Wong edan," gedigu semaure.
   Aju serta embahe hang ngongkon, Kang Usik nyacak. Cumpu dadi lan ngembange.
   Ana maning carane uwit makene nguwoh, hing diancas ambi omongan, naming kulite uwit hang hing gelem nguwoh mauka dibacuki kadhang ana hang diseblaki sapu kerik, ana hang dipaku. Liya dina uwite dadi metu kembange.
   Kadhung iki ana penjelasan ilmiyahe. Kaya dijelentrehaken ambi Pak Dede Salman, ketua Komunitas Petani Depok Sejahtera (Kompos) tepak ring acara pelatihan sambung pucuk uwit apokat kapanane.
   Dadi uwit hang hing gelem nguwoh aju metu uwohe merga dikethok utawa dibacuki iku kanggo kepentingan uwite mau dhewek. Dudu nguwoh kanggo kepentingane menungsa.
   Merga ana ancaman arupa dibacuki utawa ditugeli (kasuse pruning ring uwit anggur) naluri uwit iku njaga supaya ana generasi seteruse kelawan ngembang aju dadi uwoh. Uwit anggur iku bisa metu kembange mung itungan minggu marek dikethoki uwite.
   Tujuwane makene uripe diterusaken uwoh hang ana wijine iku. "Dudu merga uwite ngewani uwoh nyang menungsa. Taping kanggo njaga anane generasi kanggo nerusaken keturunan uripe uwit mau", jare Pak Dede.
   Naming kelendi penjelasan ilmiyahe ambi uwit hang ngembang merga mung diancas perkul mau? Iki hang durung nemu jawabane.

  
    

Redaktur menerima berbagai tulisan, kirimkan tulisan anda dengan mendaftar sebagai kontributor di sini. Mari ikut membangun basa Using dan Belambangan.


Editor: Hani Z. Noor