Warga Ikawangi Milu Nunut Mudik Bareng Gratis
Antariksawan Jusuf (dipublikasikan pada Sabtu, 29 Maret 2025 06:46 WIB)
- Laporan

Rombongan Ikatan Keluarga Banyuwangi (Ikawangi Pusat) Jakarta nunut mulih kampung dina Jemuah (28/3/25) ring programe Pemda Jawa Timur liwat Paguyuban Warga Jakarta asal Jawa Timur (Pawarta Jatim).
Wakil Gubernur Jatim Pak Emil Dardak mimpin acara ngeculaken 78 bis utawa totale 2.800 kursi ring Plaza Barat Pintu 3 Keong Emas, Taman Mini Indonesia Indah.
Jumlah iki wis lebih teka tikel pindho timbangane taun sore hang mung 29 bis kanggo 1.240 wong.
Pemda Jatim uga nyangoni rombongane panganan kanggo sedawane dalan hang dielungaken kelawan simbolik ring pak Emil Dardak.
Semono setemene magih akeh hang hing kaumanan kursi. "Njaluk sepura, kene wis nambah armada taping gedigu tetep bain hing ngatasi akehe wong hang arep mulih kampung," jare Kepala Badan Penghubung Pemprov Jatim di Jakarta, pak Zainal Fanani.
Jare Pak Zainal pembagian kursine nganggo cara online lan transparan. "Tepak pendaptarane dibukak, wong hang milu langsung nyerbu rebutan kuota."
Wong teka Ikawangi hang milu mudik gratis iki ana 157 wong berangkate, nunggang petang bis, dene mulihe tanggal 5 April mangkat teka Pendhapa Kabupaten Banyuwangi dipiloni mung 97 wong, jare Sofi Muntahar pengurus Pawarta Jatim minangka wakil teka Ikawangi. Taun sore mung rong bis kanggo 46 warga Ikawangi.
Redaktur menerima berbagai tulisan, kirimkan tulisan anda dengan mendaftar sebagai kontributor di sini. Mari ikut membangun basa Using dan Belambangan.