Watu Banyu lan Dongeng Using liyane
Antariksawan Jusuf (dipublikasikan pada Jumat, 02 Agustus 2024 10:34 WIB)
- Laporan
Paguyuban Sengker Kuwung Belambangan (SKB) ngetokaken maning program kanggo ngisi wadhah suwung ring literasi Using kanggo lare-lare Banyuwangi.
Episode kawitan dongeng nganggo basa Using yaiku Watu Banyu Hang Nggawe Gemuyu wis diunggah ring media sosial youtube channel TV Bain lan ring akun facebook SKB.
Buru sedina dipeleciraken, episode Watu Banyu wis ditonton lebih teka 100 ring youtube, bisa diklik nong kene:
https://youtu.be/9E78QUCtQ60?si=aHM5FgVEZ0a24jfw
Ceritane sedherhana yaiku sak kumpulan watu ring alas hang nulung kewan-kewan liyane hang ngadhepi usum ketiga. Banyu kali asat, iwak gelimpangan hing bisa ngelangi lan manuk hing bisa ngombe. Marek gesah kelendi carane bisa nulungi kewan liya, ana watu hang duwe penemu apik yaiku ngelumpuk nggawe kolam. Banyu hang maune sithik merga didhang-dhangi dadi bisa dadi akeh. Iwak-iwak bisa ngelangi maning lan manuk-manuk bisa ngombe maning. Wekas hang ana ring cerita iku ngajari lalare, masiya cilik kadhung megawe bareng bisa dadi kuwat lan nggawa manpaat.
Dongeng ring youtube iki minangka salah siji cara kanggo marekaken basa Using nang lare-lare. Seliyane lare-lare rungu cerita lan bisa ngarti wekase mau, uga ngisi materi basa Using sak njabane kelas. Lare-lare kudu diwani materi pengayaan sak njabane kelas. Kadhung mung sinau ring kelas, saya adoh anggone nguwasani basa Using. Kudu ana materi ring njaba.
Minangka paguyuban hang nduwe wigati nong basa Using, SKB wis nggawe channel TV BAIN hang isine macem-macem. Ana gendhing kanggo lalare Using, ana gurit, ana dongeng.
Ngadhepi perubahan jaman iki, gelem sing gelem kudu manpaataken teknologi. Bengen merga hang aran buku cerita mesthi dicetak, regane dadi larang, nggawene suwi, mbayar wong akeh hang ana ring kono, penulis, ilustrator, editor, percetakan, distribusi lan liyane.
Dene saiki, penulis, editor digarap wong siji, ilustrator bisa nggawe software artificial intelligence (kari ngongkon paran gambar hang dikarepaken), musik wis kari njumput, suwara kadhung gelem ana ring aplikasi pisan nganggo text-to-voice. Cerita sak ilustrasine, sak musike bisa digarap itungan jam.
SKB wis nduwe lebih 100 materi lan setemene hing ana watese merga bisa kapan bain digawe. Episode nomer loro iki ana cerita ring Alas Purwo lan kewan-kewane hang ana ring kono.
Redaktur menerima berbagai tulisan, kirimkan tulisan anda dengan mendaftar sebagai kontributor di sini. Mari ikut membangun basa Using dan Belambangan.